Menyang kontèn

Kaca:Tedhakan Kagungan Dalem Pemut Serat-Serat.pdf/91

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Legi tanggal kaping 30 wulan Dulkijah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 23 September taun 1854 Angka 563.

Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhahareca dhateng Martanagaran, marengi ing dinten malem Ngahad Pahing tanggal kaping 1 wulan Mukharam taun Dal 1783 utawi tanggal kaping 24 September taun 1854 Angka 563.

Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miwiti ngarsakaken yasa agem Dalem rasukan Antrakusuma, sareng kalih Tuwan Dispro lumebet ing Kadhaton, wade sela inten, marengi ing dinten Senen Pon tanggal kaping 2 wulan Mukharam taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 25 September taun 1854 Angka 563.

Punika pemut kala wonten kumisi Wlandi kaping 2, wonten Bangsal Pengapit, lampahan Wlandi Inggris, marengi ing malem Slasa Wage, tanggal kaping 3 wulan Mukharam taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 26 September taun 1854 Angka 563.

Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Martanagaran, kalin garwa Dalem Kangjeng Ratu, saha Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, tuwi tamanten, sarta mawi tingalan Jenggen tiyang Jawi, marengi ing malem Rebo Kliwon, Rebonipun enjing Tuwan Tirko lumebet ing Kadhaton, nyaosi priksa yen angsal dados Kashir ing Bulus, tanggal kaping 4 wulan Mukharam taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 27 September taun 1854 Angka 567 (563?)

Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng pagriyanipun Kapitan Cina dhahar pista, marengi ing malem Ngahad Wage, Ngahadipun sonten Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kadhaton, kalih Nyonyahipun, Tuwan Asisten Sutelip sak Nyonyahipun, Tuwan Benjamin Hasselman saknyonyahipun, tanggal kaping 8 wulan Mukharam taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 1 Oktober taun 1854 Angka 563.

Punika pemut kala Tuwan Pan Den Bereh lumebet ing Kadhaton bab serat, marengi ing dinten Rebo Pahing tanggal kaping 11 wulan Mukharam taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 4 Oktober taun 1854 Angka 564.

Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos jagong dhateng Prawiradirjan, kalihyan garwa Dalem Kangjeng Ratu, saha Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, jagong nggenipun mbabar mbok Dalem Kangjeng Raden Hayu Gusti Maduretna miyos kakung, kaleres ing Timuran nayuban, dalu

84