Lipeber, tanggal kaping 21 wulan Dulkijah ing taun Je 1782, utawi tanggal kaping 14 September taun 1854 Angka 562.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Paku Alaman, kalih garwa Dalem Kangjeng Ratu, saha Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, tuwi tamanten, marengi ing dinten Jumungah Pon tanggal kaping 22 wulan Dulkijah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 15 September taun 1854 Angka 562.
Punika pemut kala tamanten Pangeran Mayor Sasraningrat ngabekti dhateng Kadhaton, marengi ing dinten Sabtu Wage tanggal kaping 23 wulan Dulkijah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 16 September taun 1854 Angka 562.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos pista dhateng Kapugeran, marengi ing malem Ngahad Kaliwon, Ngahadipun enjing Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Kapugeran, kalih garwa Dalem Kangjeng Ratu, saha Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, sareng maringaken tamanten Raden Lara Sakinah, putra Martanagaran dhateng Kadanurejan, tanggal kaping 24 wulan Dulkijah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 17 September taun 1854 Angka 562.
Punika pemut kala lebetipun tamanten Kangjeng Pangeran Hariya Timur, sareng ungelipun kagungan Dalem gangsa Sakati, marengi ing malem Senen Legi, enjingipun putra Kadanurejan Raden Mas Iskak dipun saosaken munakawan, tanggal kaping 25 wulan Dulkijah ing taun Je 1782, utawi tanggal kaping 18 September taun 1854 Angka 562.
Punika pemut kala Babah Kapitan Li Tiyam Ling Raden Wang sengsari lumebet ing Kadhaton, nyaosi priksa yen sampun tetep dados Kapitan Cina, sarta ngaturi badhe dhahar eca, marengi ing dinten Rebo Pon, tanggal kaping 27 wulan Dulkijah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 20 September taun 1854 Angka 563.
Punika pemut kala ijabipun Kangjeng Pangeran Hariya Timur dhaup Raden Lara Sakinah putranipun Raden Tumenggung Martanagara, marengi ing dinten Jumungah Kliwon, sareng pangalihipun Bendara Raden Murcitaresmi, tanggal kaping 29 wulan Dulkijah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 22 September taun 1854 Angka 563.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos ningali tamanten dhateng ing Beteng kalihyan garwa Dalem Kangjeng Ratu, mampir dhateng Gandawiranan, lajeng dhateng Mandanasrayan, marengi ing dinten Saptu
83