Punika pemut kala ringgitan wacucal ing Jayaleganan. Marengi ing malem Senen Pahing tanggal kaping 2 wulan Rejeb ing taun Jimmakir 1778 utawi tanggal kaping 13 Mei taun 1850 Angka 430.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton bab badhe pamit dhateng Betawi, marengi ing dinten Slasa Pon, tanggal kaping 3 wulan Rejeb taun Jimmakir 1778 utawi tanggal kaping 14 Mei taun 1850 Angka 430.
Punika pemut kala lebetipun Serat Nuwala Wangsulan saking Surakarta, bab wangsulan sedanipun Kangjeng Pangeran Hariya Mangkukusuma, sareng kalih angkatipun Kangjeng Tuwan Residen tindak dhateng Betawi, marengi ing dinten Rebo Wage tanggal kaping 4 wulan Rejeb taun Jimmakir 1778 utawi tanggal kaping 15 Mei taun 1850 Angka 430.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Kedanurejan, nglayat Bendara Raden Hayu Sindunegara kacriyos seda nanging yektosipun boten. Sontenipun Kangjeng miyos dhateng griyanipun Tuwan Mayor Noman, lajeng dhateng griyanipun Tuwan Kaptin Labar, kaliyan garwa Dalem Kangjeng Ratu, marengi ing dinten Jumungah Legi tanggal kaping 6 wulan Rejeb ing taun Jimmakir 1778 utawi tanggal kaping 17 Mei taun 1850 Angka 430.
Punika pemut kala Kangjeng Pangeran Hadipati Mangkubumi kalih Kangjeng Panembahan Hamangkurat, tiga Kangjeng Pangeran Hariya Yudanegara, rembagan bab wakil. Raden Tumenggung Mertanegara kantun sabab landrad. Sowanipun pukul tiga, marengi ing dinten Septu Pahing, tanggal kaping 7 wulan Rejeb ing taun Jimmakir 1778 utawi tanggal kaping 18 Mei taun 1850 Angka 430.
Punika pemut kala dhatengipun ringgit sangking Surakarta, saking Tuwan Hup. Marengi ing dinten Ngahad Pon, tanggal kaping 8 wulan Rejeb taun Jimmakir 1778 utawi tanggal kaping 19 Mei taun 1850 Angka 430.
Punika pemut kala wiwit bibrah kagengan Dalem Prabayeksa, sareng kaliyan ndamelaken pesareyanipun Kangjeng Kyahi Hageng, Tuwan Asisten lumebet, sarta wiwit nyungging ringgit saking Surakarta, marengi ing dinten Slasa Kliwon, tanggal kaping 10 wulan Rejeb taun Jimmakir 1778 utawi tanggal kaping 21 Mei taun 1850 Angka 431.
Punika pemut kala ringgitan wacucal wonten ing Brangtakusuman, marengi ing malem Rebo Legi, tanggal kaping 11 wulan Rejeb taun Jimmakir 1778 utawi tanggal 22 Mei taun 1850 Angka 431.
2