Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos basiyar kalih garwa Dalem Kangjeng Ratu Mas, sarta Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, kepethuk temanten anakipun Cik Bapa, wasta Encik Kamis, marengi ing dinten Rebo Wage tanggal kaping 12 wulan Dulkija taun Je 1782, utawi tanggal kaping 6 September taun 1854 Angka 561.
Punika pemut kala kagungan Dalem ringgit wacucal Gedhog dipun paringaken dhateng Lurah Encik Dapa marengi ing malam Kemis Kliwon tanggal kaping 14 wulan Dulkijah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 7 September taun 1854 Angka 561.
Punika pemut kala Tuwan Togel tukang gambar lumebet ing Kadhaton pamit mantuk dhateng Samawis, marengi ing dinten Jumungah Legi, tanggal kaping 15 wulan Dulkijah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 8 September taun 1854 Angka 562.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos ningali sasrahan dhateng Pojok Beteng Resalipuran, kalih garwa Dalem Kangjeng Ratu, saha Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, mampir dhateng Sumadilagan, lajeng miyos dhateng Pugeran tuwi manten, marengi ing dinten Saptu Pahing tanggal kaping 16 wulan Dulkijah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 9 September taun 1854 Angka 562.
Punika pemut kala ijabipun Pangeran Mayor Hariya Sasra ningrat putra Paku Alaman, dhaup Raden Hajeng Saniyah putra Pugeran, marengi ing malem Senen Wage, enjingipun tetepipun Bekel Imarejasa sapanunggilanipun, tanggal kaping 18 wulan Dulkijah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 11 September taun 1854 Angka 562.
Punika pemut kala ijabipun Raden Lurah Brangtakusuma, dhaup kalihyan Raden Hajeng Dhemes putra Panembahan, marengi ing dinten Slasa Kliwon, lenggahipun wonten Margangsan, malem Slasa Kliwon para Bendara Pangeran, malem Rebo Legi para Wadana Kasukan ayun, malem Kemis Pahing para Lurah, ringgitan Menak, malem Jumungah Kliwon slawatan Maulud. Taksih Slasa Kliwon sareng dadosipun kagungan Dalem meja pasratan ukir-ukiran kalih, tanggal kaping 19 wulan Dulkijah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 12 September taun 1854 Angka 562.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Paku Alaman, pista mantu, marengi ing malem Kemis Pahing Kemisipun enjing Kangjeng Sampeyan Dalem tumbas kartu Praosan mawi dhus, sangking Nyonyah
82