Menyang kontèn

Kaca:Tedhakan Kagungan Dalem Pemut Serat-Serat.pdf/85

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Punika pemut kala Tuwan De Kock Pan Lewen lumebet ing Kadhaton kalih ibunipun sarta Nyonyahipun, marengi ing dinten Jumungah Wage tanggal kaping 3 wulan Dulkangidah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 28 Juli taun 1854 Angka 558.

Punika pemut kala samuwan ringgitan Walandi wonten Bangsal Pangapit ingkang kilen, marengi ing malem Ngahad Legi, tanggal kaping 5 wulan Dulkangidah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 30 Juli taun 1854 Angka 558.

Punika pemut kala tetepipun Onder Ajidan Martadikara, sareng jawi dadosipun Panewu anakipun Mas Tumenggung Cakranegara, nama Raden mas sudiya, marengi ing dinten Senen Pahing tanggal kaping 6 wulan Dulkangidah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 31 Juli taun 1854 Angka 558.

Punika pemut kala ngajalipun Bekel Hanggalelana, abdi Dalem Bekel Gamel, marengi ing malem Senen Pahing tanggal kaping 6 wulan Dulkangidah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 31 Juli 1854 Angka 558.

Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Nglaji Hageng pagriyanipun Tuwan Mayor Hosse, tuwin nggenipun gadhah lare estri, marengi ing dinten Slasa Pon tanggal kaping 7 wulan Dulkangidah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 1 Agustus taun 1854 Angka 558.

Punika pemut kala tuwan Beretti lumebet ing Kadhaton, bab yatra lajeng dipun paringi bayar cah, sareng kalih dhatengipun siti ing Plumbon karya 3 jung, ampasipun Raden Hayu Tamaprawira, marengi ing dinten Rebo Wage tanggal kaping 8 wulan Dulkangidah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 2 Agustus taun 1854 Angka 558.

Punika pemut kala paras putra Dalem Kangjeng Bendara Raden Hajeng Sukapjaleka Retra Supirah, mawi dhateng ulam maesa, sareng kalih klangenan Dalem sami dhateng pasisir, kathahipun 3, ingkang ndherekaken Raden Hayu Mangun Nagara, priyayi jaler Raden Wadana Jayadiwirya, kalih Pangeran Hariya Cakrakusuma, priyayi Lurah 3, marengi ing dinten Kemis Kliwon tanggal kaping 9 wulan Dulkangidah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 3 Agustus taun 1854 Angka 559.

Punika pemut kala Tuwan Deken lumebet ing Kadhaton nyaosaken bareng werni-werni, nanging awis sedaya boten wonten ingkang dipun pundhut, namung mundhut krun dadaran, marengi ing dinten Septu Legi tanggal kaping

78