Menyang kontèn

Kaca:Tedhakan Kagungan Dalem Pemut Serat-Serat.pdf/84

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Sasrakusuma sapanunggilanipun, sareng tetepipun dados Lurah Mas Lurah Jayajatra, Mas Lurah Resi Seta, Mas Bekel Pagdhalem, Bekel Mas Riya Kudasumilir, sareng njawi liyeripun Ngabehi Padmasantana Mantri Kaparak Tengen dados Panajungan, tanggal kaping 21 wulan Sawal taun Je 1782, utawi tanggal kaping 17 Juli taun 1854 Angka 557.

Punika pemut kala Tuwan Pan Den Bereh lumebet ing Kadhaton, bab lebetipun serat, marengi ing dinten Slasa Wage, tanggal kaping 22 wulan. Sawal taun Je 1782, utawi tanggal kaping 18 Juli taun 1854 Angka 557.

Punika pemut kala ngalihipun dalem Bandara Raden Panukmawati, sontenipun Tuwan Dokter Kurnet lumebet ing Kadhaton sak Nyonyahipun, marengi ing dinten Rebo Kliwon tanggal kaping 23 wulan Sawal taun Je 1782, utawi tanggal kaping 19 Juli taun 1854 Angka 557.

Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kadhaton, kalih Tuwan Kolonel Krusman, tiga Tuwan Mayor Kipper, sontenipun tirko, kalih Tuwan Wit lumebet ing Kadhaton, marengi ing dinten Kemis Legi, tanggal kaping 24 wulan Sawal taun Je 1782, utawi tanggal kaping 20 Juli taun 1854 Angka 557.

Punika pemut kala lebetipun serat nuwala wewangsul bab sedanipun Kangjeng Raden Hayu Pringgadiningrat marengi ing dinten Jumungah Pahing tanggal kaping 25 wulan Sawal taun Je 1782, utawi tanggal kaping 21 Juli taun 1854 Angka 557.

Punika pemut kala inggahipun pasang bandar, sareng wedalipun Mangkuwidura Cakrabumbung, sareng malih ndhawuhaken bab repotan dhateng Kantor, saha mundhut cacahipun anakipun abdi Dalem lebet, sareng malih pamundhutipun Ngabehi Ranasudira, sarta telasipun panggambar Tuwan Abel, sareng ing dinten Senen Kliwon, tanggal kaping 28 wulan Sawal taun Je 1782, utawi tanggal kaping 24 Juli taun 1854 Angka 557.

Punika pemut kala ngajalipun Mas Hajeng Jayasamangun ingkang bibi Raden Hayu Mangun Nagara, tilas klangenanipun Kangjeng Rahaden Hadipati Danureja Seda Kadhaton, marengi ing malem Rebo Pahing, tanggal kaping 1 wulan Dulkangidah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 26. Juli taun 1854 Angka 558.

Punika pemut kala lebetipun Ngabehi Ranasudira lajeng nama Martadikara, marengi ing dinten Kemis Pon, tanggal kaping 2 wulan Dulkangidah taun Je 1782, utawi tanggal kaping 27 Juli taun 1854 Angka 558.

77