Menyang kontèn

Kaca:Tedhakan Kagungan Dalem Pemut Serat-Serat.pdf/83

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

mawi gengsa kagungan Dalem tanggal kaping 19 wulan Jumadilakir taun Ehe 1780, utawi tanggal 9 April taun 1852 Angka 488.

Punika pemut kala wiyosan Dalem dhateng ing Bantul Kalurahan, kalihyan ingkang rama Kangjeng Tuwan Residen, sarta garwa Dalem Kangjeng Ratu, Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, tuwi nggenipun Hagangan putra Bendara Raden Hayu Mitinegara, kakung, nanging Bendara Raden Hayu gerah sekok, maréngi ing dinten Ngahad Legi, tanggal kaping 21 wulan Jumadilakir taun Ehe 1780.

Punika pemut kala lelangipun Tuwan Litnan Siken, marengi ing dinten Septu Pon tanggal kaping 14 wulan Jumadilakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 3 April taun 1852 Angka 488 utawi tanggal kaping 11 April taun 1852 Angka 488.

Punika pemut kala dadosipun gamel pun Jayaprakosa Bapang sapanunggilanipun, sareng kalih wedalipun Kudawilanten, marengi ing dinten Senen Pahing sareng kalih dhawah kumisi bab Bekel Mangkuniti, sareng malih kesahipun sadherekipun pun Wiryana estri, tanggal kaping 22 wulan Jumadilakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 12 April taun 1852 Angka 488.

Punika pemut kala mireng kabar kesahipun Eyang dhateng Wotgalih, nderek Raden Tumenggung Jayanegara, marengi ing dinten Slasa Pon, sareng panggihipun temanten Cina, tanggal kaping 23 wulan Jumadilakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 13 April taun 1852 Angka 488.

Punika pemut kala Tuwan Kaptin Didreg lumebet ing Kedhaton, sontenipun Tuwan Mayor Hose lumebet ing Kadhaton kalih Tuwan Asisten Sutelip sak Nyonyahipun, Tuwan Kaptin Pandenham sak Nyonyahipun, Tuwan Kaptin Hotmen sak Nyonyahipun, Nyonyah Panbildren marengi ing dinten Septu Legi tanggal kaping 19 wulan Sawal taun Je 1782, utawi tanggal kaping 15 Juli taun 1854 Angka 557.

Punika pemut kala putra Dalem Bendara Raden Mas Ismangil tindak dhateng Ngadiwijayan tuwi Mas Hayu Jaganegara, sareng kalih maringi pethakan dhateng Panggenan kumidhi sarta mireng kabar yen gayam ing Sela Gilang Lipura sekar, marengi ing dinten Ngahad Pahing tanggal kaping 20 wulan Sawal taun Je 1782, utawi tanggal kaping 16 Juli taun 1854 Angka 557.

Punika pemut kala slawatan Maulud wonten Bangsal Pangapit, marengi ing malem Senen Pon, Senenipun enjing marengi wewah sabin Raden Wedana

76