Punika pemut kala ngajalipun Kyahi Prawirarejasa Panembahan Bramanakandha, ngajeng dados Wedana Kemasan, sapunika pansiyun, marengi ing malem Rebo Kliwon, Rebonipun sonten Kangjeng Sampeyan Dalem dhateng pagriyanipun Tuwan Litnan Siken, lajeng mampir dhateng pagriyanipun Tuwan Panggen, tanggal kaping 10 wulan Jumadilakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 1 April taun 1852 Angka 487.
Punika pemut kala Tuwan Perstih Kajiwan, wiwit ngladosi paos wos sareng kalih dhatengipun Bekel Ampas Wiryanegaran, marengi ing dinten Kemis Legi tanggal kaping 11 wulan Jumadilakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 2 April taun 1852 Angka 487.
Punika pemut kala inggahipun Mas Lurah Bahupramuja dados Lurah Gamel sapanunggilanipun, sareng kalihyan wedalipun Panji Gandawilaga, sarta Ngabehi Suratruna sareng malih pranata ing Lipura marengi ing dinten Senen Kliwon tanggal kaping 15 wulan Jumadilakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 5 April taun 1852 Angka 487.
Punika pemut kala Tuwan Perstih Kajiwan wiwit ngladosi paos wos, sareng kalih dhatengipun Bekel Ampas Wiryanegaran, marengi ing dinten Kemis Legi tanggal kaping 11 wulan Jumadilakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 2 April taun 1852 Angka 487.
Punika pemut kala lelangipun Tuwan Litnan Siken, marengi ing dinten Septu Pon, tanggal kaping 13 wulan Jumadilakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 4 April taun 1852 Angka 488.
Punika pemut kala inggahipun Mas Lurah Bahupramuja dados Lurah Gamel sapanunggilanipun, sareng kalihyan wedalipun Panji Gandawilaga sarta Ngabehi Suratruna, sareng malih pranata ing Lipura marengi ing dinten Senen Kliwon tanggal kaping 15 wulan Jumadilakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 5 April taun 1852 Angka 488.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Nglaji Hageng pagriyanipun Tuwan Mayor Badhe, mawi musikan prajurit, marengi ing malem Kemis Pon, Kemisipun enjing wangsulipun Panji Gandawilaga, sarta siti Nglipura 3 jungkang wonten Riya Jayalipura tanggal kaping 18 wulan Jumadilakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 8. April taun 1852 Angka 488.
Punika pemut kala panggihipun temanten ing Ngrambutan putranipun Mas Lurah Kala Bathok ingkang nomer 2 marengi ing dinten Jumungah Wage,
75