Menyang kontèn

Kaca:Tedhakan Kagungan Dalem Pemut Serat-Serat.pdf/80

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

marengi ing dinten Senen Wage tanggal kaping 24 wulan Jumadilawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 16 Maret taun 1852 Angka 486.

Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem wiwit miyos basiyar nitih titihyan, kalih para Pangeran-Pangeran, marengi ing dinten Slasa Kliwon, tanggal kaping 25 wulan Jumadilawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 17 Maret 1852 Angka 486.

Punika pemut kala Tuwan Kaptin Blumen Wandres lumebet ing Kedhaton, kalih Nyonyahipun, tiga ibunipun, sekawan adhinipun, sareng kalih mireng kabar yen Plembang Tuwan-Tuwan blahi, margi numpak baita dipun begal brandhal, marengi ing dinten Rebo Legi, sontenipun lebetipun Mas Panji Bahusasra, tanggal kaping 16 wulan Jumadilawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 18 Maret taun 1852 Angka 486.

Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos basiyar nitih titihyan salebetipun beteng mriksani radinan, marengi ing dinten Kemis Pahing tanggal kaping 27 wulan Jumadilawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 19 Maret 1852 Angka 486.

Punika pemut kala Nyonyah Panggen kalih anakipun Tuwan Miliyor Panggen lumebet ing Kedhaton, bab sabin ing Bedhoyo, marengi ing dinten Jumungah Pon, sontenipun Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng pagriyanipun Tuwan Kaptin Wandres, kalih garwa Dalem Kangjeng Ratu, sarta Eyang Dalem kanjeng Ratu Mas, tanggal kaping 28 wulan Jumadilawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 20 Maret taun 1852 Angka 486.

Punika pemut kala lelanggriyanipun Tuwan Kaptin Wandres, sareng kalih lebetipun kagungan Dalem siti pun Lipura lajeng dados Malihyan, marengi ing dinten Septu Wage tanggal kaping 29 wulan Jumadilawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 21 Maret taun 1852 Angka 486.

Punika pemut kala Tuwan Perstih Demang Pos, ing Kajiwan sowan lumebet, prampungan nggenipun nyanggi dhahar Dalem uwos, sareng kalih lebetipun Ngabehi Tirtawijaya anakipun Tumenggung Selamanik, marengi ing dinten Ngahad Kliwon tanggal kaping 30 wulan Jumadilawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 22 Maret taun 1852 Angka 486.

Punika pemut kala lebetipun nuwala sangking Surakarta bab sedanipun Kangjeng Ratu Kencana, sareng kalih liman badhe dhateng, sareng malih tetenipun Onder Ajidan Danuwardaya, sarta Kapala Kampung, sareng wedalipun Somatalli, sontenipun Kangjeng Sampeyan Dalem, miyos dhateng

73