Menyang kontèn

Kaca:Tedhakan Kagungan Dalem Pemut Serat-Serat.pdf/8

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Ngadiwinatan tuwi nggenipun gerah Kangjeng Pangeran hariya Hadiwinata, mawi supe, ing ngriku kathah para Pangeran-Pangeran. Marengi ing dinten Ngahad Wage tanggal kaping 23 wulan Jumadilakir taun Jimmakir 1778 utawi tanggal kaping 5 Mei taun 1850 Angka 429.

Punika pemut kala para Pengeran tiga sowan dhateng Kebumen wiwit main homer marengi ing malem Isnen Kliwon. Senenipun enjing Kangjeng Pangeran Hadiwinata seda, sareng kaliyan lebetipun kagengan Dalem ringgit saking Mangkukusuman. Sarta wiwitipun nyambutdamel Ngabehi Brajapati wonten Purwareja. Tanggal kaping 25 wulan Jumadilakir taun Jimmakir 1778 utawi tanggal kaping 6 Mei taun 1850 Angka 429.

Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen Lumebet dhateng Kedhaton. Bab prakawis sangking Tuwan Bereti, marengi ing dinten Rebo Pahing tanggal kaping 26 wulan Jumadilakir taun Jimmakir 1778 utawi tanggal kaping 8 Mei taun 1850 Angka 430.

Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet dhateng Kedhaton. Kalih Tuwan Kaptin Ajidan Beheri, tiga Tuwan Litnan Sekip. Sarta Tuwan Kaptin Panderplis. Ngrid Litnan enggal kalih tuwan Litnan Noman. Marengi ing dinten Kemis Pon tanggal kaping 27 wulan Jumadilakir taun Jimmakir 1778 utawi tanggal kaping 9 Mei taun 1850 Angka 430.

Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem nampeni yatra empingan sangking Kangjeng Gupermen. Sarta Tuwan Klaring lumebet, bab sangking Tuwan Bereti, Tuwan Jurubasa Perbrih lumebet bab prakawis Buwahipun Tuwan Litnan Klippel boten kenging sowan. Marengi ing dinten Jumungah Wage tanggal kaping 28 wulan Jumadilakir taun Jimmaakir 1778 utawi tanggal kaping 10 Mei tahun 1850 Angkat 430.

Punika pumet kala Raden Atmaseputra wiwit sowan. Sareng kalih pamundhut Dalem kursi dhateng ing Mertanegaran, sareng kaliyan wiwitipun pandhe wonten ing Pertamanan, Purwareja. Marengi ing dinten Septu Kliwon tanggal kaping 29 wulan Jumadilakir taun Jimmakir 1778 utawi, kaping 11 Mei taun 1850 Angka 430.

Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem nimbali Tuwan-Tuwan Wonten ingkang wuru Tuwan Dokter Kurnen ngantos saru, marengi ing malem Ngahad Legi, Ngahadipun enjing wiwit ngersakaken kambengan ngaben dherekan tanggal kaping 1 wulan Rejeb taun Jimmakir 1778 utawi tanggal kaping 12 Mei taun 1850 Angka 430.

1