Menyang kontèn

Kaca:Tedhakan Kagungan Dalem Pemut Serat-Serat.pdf/78

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Punika pemut kala lelang griyanipun Tuwan Beretti, sontenipun Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng griyanipun Tuwan Asisten Sutelip, utawi nggenipun kagungan putra, kalih garwa Dalem Kangjeng Ratu, sarta Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, ing ngriku Kangjeng Tuwan Residen wonten, marengi ing dinten Rebo Kliwon sareng kalih lebetipun kagengan Dalem gangsa salendro yasa enggal, wasta Kyahi Pusparana, tanggal kaping 5 wulan Jumadilawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 25 Pembriwari taun 1852 Angka 484.

Punika pemut kala Raden Hayu Tumenggung Mangunjaya yaosaken waos wasiyatipun Raden Tumenggung Prawiradiningrat suwargi, kathahipun 4, Kyahi Liyep, Kyahi Tak, Kyahi Bramabedhali, Kyahi Regol, wah Kyahi wisa Penganten, dhuwung 1, sabet 1, teken 1, marengi ing dinten Septu Pon, tanggal 8 wulan Jumadilawal taun Ehe 1780, utawi tangal kaping 28 Pembriwari taun 1852 Angka 485.

Punika pemut kala maringaken lintu bul dhateng saknegari, sarta dhateng Purwadiningratan, sareng kalih inggahipun Mas Onder Ajidan Manguwerdaya, sakpanunggilanipun, sareng malih ngintunaken titihan dhateng ing nglaji Paresidenan kalih, marengi ing dinten Senen Kliwon, sareng kalih mundhut kapal saking Tuwan Sepek, sareng malih ing karsa, tanggal kaping 10 wulan Jumadi lawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 2 Maret taun 1852 Angka 485.

Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos basiyar kejawahan lajeng mampir dhateng griyanipun Tuwan Enger, marengi ing dinten Slasa Legi, sareng malih bab wangsulan serat saking panuwunipun Tuwan Perstih ing Kajiwan nyanggi uwos sawulan 73,5 dhacin, tanggal kaping 11 wulan Jumadilawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 3 Maret taun 1852 Angka 485.

Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem ngersakaken mundhut tumbas kapal rakitan kareta jragem, marengi ing dinten Kemis Pon, tanggal kaping 13 wulan Jumadilawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 5 Maret taun 1852 Angka 485.

Punika pemut kala nyaosaken barang-barang tilaranipun Kyahi Jaganegara dhongkol, marengi ing dinten Jumanggah Wage tanggal kaping 24 wulan Jumadilawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 6 Maret taun 1852 Angka 485.

71