Punika pemut kala Tuwan Asisten lumebet ing Kedhaton, prampungan bab kisruhipun bayar, marengi ing dinten Jumungah Legi tanggal kaping 15 wulan Rabingulakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 6 Pembriwari taun 1852 Angka 483.
Punika pemut kala lebetipun abdi Dalem ingkang sangking jawi lebet sedaya, marengi ing dinten Septu Pahing tanggal kaping 16 wulan Rabingulakir taun Ehe 1780 utawi tanggal kaping 7 Pembriwari taun 1852 Angka 483.
Punika pemut kala wiwit bayar abdi Dalem lebet wonten ing asta Dalem, merengi ing dinten Ngahad Pon, tanggal kaping 17 wulan Rabingulakir taun Ehe 1780 utawi tanggal kaping 8 Pembriwari taun 1852 Angka 483.
Punika pemut kala dadosipun Lurah Punakawan Raden Ngabehi Natareja, sakpanunggilanipun, marengi ing dinten Senen Wage, tanggal kaping 18 wulan Rabingulakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 9 Pembriwari taun 1852 Angka 483.
Punika pemut kala wonten saradhadhu dipun gantung wonten ing Sentolo, marengi ing dinten Septu Pahing, tanggal kaping 16 wulan Rabingulakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 7 Pembriwari taun 1852 Angka 483.
Punika pemut kala rampungipun panyerat Dalem Serat Rejunawijaya, sareng kalih maringaken Kur'an putra Dalem Bendara Raden Mas Sujada, kalih Bendara Raden Hajeng Suminah, sareng malih kalih rampungipun pacang-pacangan, marengi ing dinten Slasa Kliwon tanggal kaping 19 wulan Rabingulakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 10 Pembriwari taun 1852 Angka 483.
Punika pemut kala ngajalipun Kyahi Tumenggung Jaganegara dhongkol, ingkang dados Demang ing Dhepok, sareng kalih ngajalipun Raden, Ngabehi Danusentana, marengi ing dinten Jumungah Legi tanggal kaping 15 wulan Rabingulakir taun 1780, utawi tanggal kaping 6 Pembriwari tahun 1852 Angka 483.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos basiyar mampir dhateng pagriyanipun Tuwan Beretti, lajeng miyos dhateng pagriyanipun Tuwan Jansen, marengi ing dinten Kemis Pahing tanggal kaping 21 wulan Rabingulakir taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 12 Pembriwari taun 1852 Angka 483.
69