Rabingulawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 10 Januari taun 1852 Angka 481.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, konduripun nitih joli bendhi, marengi ing dinten Ngahad Kliwon tanggal kaping 19 wulan Rabingulawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 11 Januari taun 1852 Angka 481.
Punika pemut kala tetepipun niyaga sarta ringgit sami klorod, sareng kalih lebetipun kagengan Dalem sarang burung, sarta malih lebitupun paos Nanggulan, sarta nyarungi Kangjeng Kyahi, marengi ing dinten Senen Legi, tanggal kaping 20 wulan Rabingulawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 12 Januari 1852 Angka 481.
Punika pemut kala ngintunaken serat dhateng Paresidenan bab tuwan Perstih, sontenipun Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Paresidenan, kalih garwa Dalem Kangjeng Ratu, saha Eyang Dalem Hangjeng Ratu Mas, ngriku wonten Tuwan Residen Engglar ing Besuki, sak Nyonyahipun, marengi ing dinten Rebo Pon, tanggal kaping 22 wulan ‘Rabingulawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 14 Januari taun 1852 Angka 481.
Punika pemut kala mundhut Onder Ajidan Mangkuwahana, marengi ing dinten Kemis Wage tanggal kaping 23 wulan Rabingulawal taun Ehe 1780 utawi tanggal kaping 15 Januari taun 1852 Angka 481.
Sontenipun Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton sarta Nyonyah, Tuwan Residen Engglar ing Besuki saha Nyonyah.
Punika pemut kala Tuwan Litnan Jansen sowan lumebet, bab prekawis Raden Hayu Prangwedana, marengi ing dinten Jumungah Kliwon, sareng maringaken sengkang, sarta aling-aling dhateng putra Dalem Bendara Raden Hajeng Gusti, tanggal kaping 24 wulan Rabingulawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 16 Januari taun 1852 Angka 481.
Punika pemut kala pasrahan paliyan ing Ratajayan, Tuwan Sepek, kalih Pangeran Hariya Yudanegara, marengi ing dinten Septu Legi, tanggal kaping 23 wulan Rabingulawal taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 17 Januari taun 1852 Angka 481.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem tindak dhateng Kamar Bolah, lajeng dipun aturi ingkang rama Kangjeng Tuwan Residen, marengi ing malem Ngahad Pahing, enjingipun Tuwan Litnan Jansen sowan, sarta Tuwan Pan
66