Punika pemut kala Tuwan Litnan Jansen sowan lumebet nampeni yatra penyaur Dalem bab Nanggulan, 10.110 rupiyah, sampun sah, sareng maringaken serat sangking Kadanurejan, bab putra Pangeran, marengi ing dinten Septu Legi, tanggal kaping 19 wulan Sapar taun Ehe 1780 utawi tanggal kaping 13 Desember taun 1851 Angka 478.
Punika pemut kala wedalipun Cik Busung Mernung Natadirada dados Bekel Mantri Lebet, Cik Jumat Natasentana dados Jajar Mantri Lebet, linton kalib Ngabehi Yudapecalang, marengi ing dinten Ngahad Pahing, sareng kalih nyaur dhateng Tuwan Beretti, tanggal kaping 20 wulan Sapar taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 14 Desember taun 1851 Angka 478.
Punika pemut kala maringaken sengkang kalih dhateng Klangenan Dalem, sareng kalih wedalipun Riya-Riya lenggah 5 jung, kaparingaken dados Kamis sepuhipun Bupati Niyaka Wolu, marengi ing dinten Senen Pon tanggal kaping 21 wulan Sapar taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 15 Desember taun 1851 Angka 478.
Punika pemut kala Tuwan Litnan Jansen sowan sonten sareng Kangjeng Sampeyan Dalem basiyar mubeng parasekawan, marengi ing dinten Slasa Wage, tanggal kaping 22 wulan Sapar taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 16 Desember taun 1851 Angka 478.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, bab prekawis putra Pangeran, margi sabab cemburuan, marengi ing dinten Rebo Kliwon, tanggal kaping 23 wulan Sapar taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 17 Desember taun 1851 Angka 479.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Nglaji Hageng pagriyanipun Tuwan Mayor Badhermain wis, marengi ing malem Kemis Legi, Kemisipun enjing Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, bab Kangjeng Sampeyan Dalem kasaosan bayar saben wulan 1.500 gelo, sumerep peparingipun Kangjeng Gupernemen, tanggal kaping 24 wulan Sapar taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 18 Desember taun 1851 Angka 479.
Punika pemut kala tetepipun Pengulu Landrat Tuwan Kaji Jakpar, sareng kalih tetepipun alulwaris ing Panembahan sadaya, sareng malih Kangjeng Sampeyan Dalem ngersakaken wiwit yasa sarungan modhel enggal, marengi ing dinten Senen Kliwon, tanggal kaping 28 wulan Sapar taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 22 Desember taun 1851 Angka 479.
64