Menyang kontèn

Kaca:Tedhakan Kagungan Dalem Pemut Serat-Serat.pdf/69

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Punika pemut kala nyepuhi Kangjeng Kyahi marengi ing malem Jumunggah Legi, Jumunggahipun enjing Tuwan Litnan jansen sowan, lajeng mriksanikang kepandungan sarta angsal lit pandungipun, Demang jayawerdaya ing Sruni mbekta rencang kalih (2), Citraperwata reh Beganandan, ingkang nglebetaken Kemit Bumi, wasta Jaganila, sareng lebetipun sabin 14 jung se bahu, tanggal kaping 4 wulan sapar taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 28 Nopember taun 1851 Angka 477.

Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng kamar Bolah, marengi rawuhipun Kangjeng Tuwan Residen, mawi angsal-angsal wadhah rispis, sarta ingkang rayi Kangjeng Tuwan Residen wonten sangking Kudus, wasta Tuwan Abun Yamin Aselman, marengi ing malem Ngahad Pon, Ngahadipun enjing lebetipun sabin 14 jung se bahu, tanggal kaping 6 wulan sapar taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 30 Nopember taun 1851 Angka 477.

Punika pemut kala dadosipun Lurah Kemit Bumi Ngabehi Yudadimeja, Jaklempa, sareng kalih kanca Punaka wan kaparingan nama sepuh, marengi ing dinten Senen Wage, tanggal kaping 7 wulan Sapar taun Ehe 1780, utawi tanggal 1 Desember taun 1851 Angka 477.

Punika pemut kala ngelih lemari Seketri sangking Kantor dhumateng ing Gedhong Purwaretna, sareng kalih pengedumipun tudhung bulu-bulu, sareng Pangeran Mengkubumi sarta Den Hayunipun sami nakal marengi ing dinten Slasa Kliwon, tanggal kaping 8 wulan Sapar taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 2 Desember taun 1851 Angka 477.
Sareng malih Pangeran Yudanegara pistan nakal, sareng malih angsal deruk pethak sangking Nanggulan.

Punika pemut kala tampi serat pratelan sangking Kantor bab bayaripun prayayi ingkang dipun selong, marengi ing dinten Rebo Legi, tanggal kaping 9 wulan Sapar taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 3 Desember taun 1851 Angka 477.

Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton kalih Tuwan Mayor Koperis, tiga Tuwan Hasselman, ingkang rayi Kangjeng Tuwan Residen, kalih Litnan Ussar satunggal, marengi ing dinten Kemis Pahing, tanggal kaping 10 wulan Sapar taun Ehe 1780, utawi tanggal kaping 4 Desember taun 1851 Angka 477.

62