Menyang kontèn

Kaca:Tedhakan Kagungan Dalem Pemut Serat-Serat.pdf/63

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Punika pemut kala ngajalipun titihan Kyahi Jayautara sarang kalih Mas Mija malebet dhateng Kabumen, marengi ing dinten Kemis Pahing tanggal kaping 29 wulan Dulkangidah taun Alih 1779, utawi tanggal kaping 25 September taun 1851 Angka 472.

Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, kalih Tuwan Ingrupihin sepiktir taneman, marengi ing dinten Jumungah Pon tanggal kaping 30 wulan Dulkangidah taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 26 September taun 1851 Angka 472.

Punika pemut kala Raden Tumenggung Mertanegara kadukanan ing Kangjeng Tuwan Residen, marengi ing dinten Septu Wage tanggal kaping 1 wulan Dulkijah taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 27 September taun 1851 Angka 472.

Punika pemut kala Kangjeng Pangeran Hadipati Mangkubumi sowan, kalih Pangeran Hariya Cakrakusuma sareng kalih sowanipun Raden Tumenggung Jayanegara kalih Raden Tumenggung Jayaningrat, malih lebetipun Raden Lurah Jaswadi, marengi ing dinten Ngahad Kliwon, tanggal kaping 2 wulan Dulkijah taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 28 September taun 1851 Angka 472.

Punika pemut kala angkatipun Kangjeng Pangeran Hadipati Mangkubumi, kalih Pangeran Hariya Cakrakusuma dhateng Surakarta, sareng angkatipun Raden Tumenggung Jayanegara, Raden tumenggung Jayaningrat, kumisi dhateng Sentolo, marengi ing dinten Senen Legi tanggal kaping 3 wulan Dulkijah taun Alip 1779 utawi tanggal kaping 29 September taun 1851 Angka 472.

Punika pemut kala konduripun Kangjeng Pangeran Hadipati Mangkubumi sangking Surakarta, marengi ing dinten Jumungah Kliwon tanggal kaping 7 wulan Dulkijah taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 3 Oktober taun 1851 Angka 472.

Punika pemut kala Nyonyah Residen malebet Kedhaton, kalihyan Tuwan Asisten Sutelip sak Nyonyahipun, Tuwan Asisten Tidheman ing Surakarta, sak Nyonyahipun marengi ing malem Septu Legi, tanggal kaping 8 wulan Dulkijah taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 4 Oktober taun 1851 Angka 472.

56