pakurmatan, marengi ing dinten Kemis Pahing tanggal kaping 23 wulan Sawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 21 Agustus taun 1851 Angka 469.
Punika pemut kala Tuwan Mayor Krus sowan lumebet ing Kedhaton, pamitan, lajeng kaparingan wangkingan marengi ing dinten Jumungah Pon, sontenipun Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Nglaji inggih kurmatan, sareng dhatengipun Tuwan Mayor Badhe, tanggal kaping 24 wulan Sawal taun 1779, utawi tanggal kaping 22 Agustus taun 1851 Angka 469.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem kaaturan dhahar dhateng nglaji, para Pangeran 5, dhateng Kangjeng Tuwan Residen bab Kangjeng Tuwan Hirtoh, marengi ing dinten malem Septu Wage, enjingipun lajeng wonten tiyang nglarihi kancanipun, wasta Panji Suraya, Resawilaga, wonten Magangan, ingkang dipun larihi Panji Jayengdiwirya, nanging boten pasah, tanggal kaping 25 wulan Sawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 23 Agustus taun 1851 Angka 469.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Nglaji saha mawi dhangsah, marengi ing dinten Senen Legi, enjingipun lajeng ngrampog, simanipun tiga lorek, tanggal kaping 25 Agustus taun 1851 Angka 469.
Punika pemut kala pista wonten ing Kedhaton, Kangjeng Tuwan Hirtoh, sarta Kangjeng Tuwan Residen, mawi segah ringgitan, sampakipun Dwawarati, marengi ing malem Slasa Pahing, Slasahipun Kangjeng Tuwan Hirtoh kalih Kangjeng Tuwan Residen, lumebet ing Kedhaton, ningali Gedhong Purwaretna, mawi segah ringgitan nglupug, sontenipun Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng nglaji, sareng kalih sidhekah rebatan griyanipun Kaptin Cina, tanggal kaping 28 wulan Sawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 26 Agustus taun 1851 Angka 469.
Punika emut kala konduripun Kangjeng Tuwan Hirtoh, lajeng dhateng Surakarta, marengi ing dinten Rebo Pon, tanggal kaping 29 wulan sawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 27 Agustus taun 1851 Angka 469.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem Wiwit lenggah Senen Kemis wanci jam sedasa, marengi ing dinten Kemis Wage tanggal kaping 1 wulan Dulkangidah taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 28 Agustus taun 1851 Angka 469.
Punika pemut kala Tuwan Kaptin Hotmort sowan lumebet, sabab sakit badhe tirah dhateng Palantungan, marengi ing dinten Jumungah Kliwon tanggal
52