Menyang kontèn

Kaca:Tedhakan Kagungan Dalem Pemut Serat-Serat.pdf/58

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Sawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 11 Agustus taun 1851 Angka 468.

Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, bab prakawis Nanggulan, sareng malih Raden Tumenggung Mertanegara ngandikan, kalih Tuwan Litnan Jansen, bab siti Sentolo, marengi ing dinten Slasa Pon, tanggal kaping 14 wulan Sawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 12 Agustus taun 1851 Angka 468.

Punika pemut kala wiwit yasa rasukan beskap, marengi ing dinten Rebo Wage tanggal kaping 15 wulan Sawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 12 Agustus taun 1851 Angka 468.

Punika pemut kala mundhut tumbas lonceng pethakan saking tuwan Beretti sarta sutra-sutra, marengi ing dinten Jumungah Legi tanggal kaping 17 wulan Sawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 14 Agustus taun 1851 Angka 468.

Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng nglelangan, griyanipun Tuwan Mayor Krus, sareng kalih tetepipun dados Lurah Selir Mas Lurah Kala Bathok, Gandadimeja, sakpanunggilanipun, sareng malih rawuhipun Tuwan Asisten Sutelip, marengi ing dinten Senen Wage tanggal kaping 20 wulan Sawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 18 Agustus taun 1851 Angka 468.

Punika pemut kala Raden Tumenggung Mertanegara sowan, bab Raden Tumenggung Pringgadiningrat dereng sosokan paos, sareng kalih Rayi Dalem Raden Wedana Suryamurcita nampeni pedamelan ing Kabumen, sapanunggilanipun sedaya, sareng, wiwit malih yasa sabet wiwitan, sontenipun Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, kalih tuwan Asisten Sutelip, marengi ing dinten Slasa Kliwon, tanggal kaping 21 wulan Sawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 19 Agustus taun 1851 Angka 468.

Punika pemut kala rawuhipun Kangjeng Tuwan Hirtoh, wonten Negari Ngayugya, sareng kalih Tuwan Litnan Jansen, sadinten malebet kapin, kalih bab kumartan, sareng malih truwelunipun Raden Bagus Diyumanak sanga, marengi ing dinten Rebo Legi tanggal kaping 22 wulan Sawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 20 Agustus taun 1851 Angka 469.

Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Senneohit Hirtoh Bernatsesan Pan Wamar lumebet ing Kedhaton, pakurmatan, sareng dhatengipun Tuwan mayor Badhe, sontenipun Kangjeng Sampeyan dalem miyos dhateng nglaji

51