25 wulan Sakban taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 25 Juni taun 1851 Angka 464.
Punika pemut kala tetepipun Tuwan Asisten Tidheman dados Asisten ing Surakarta, sareng kalih lelenggahan ing kilen Panepen, sobatan sarta nguyu-uyu wilujeng kaurmatanipun Kangjeng Tuwan Residen Haselman, marengi ing malem Kemis Legi tanggal kaping 26 wulan Sakban taun 1779, utawi tanggal kaping 26 Juni taun 1851 Angka 464.
Punika pemut kala Tuwan Winter sowan lumebet nerang bab pista bukak siyam, marengi ing dinten Jumungah Pahing tanggal kaping 27 wulan Sakban ing taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 27 Juni taun 1851 Angka 464.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Asistenan main, marengi ing malem Septu Pon, Septunipun sonten Tuwan Warnim lumebet ing Kedhaton, kalih Tuwan Jurubasa enggal Tuwan Bake, sarta Tuwan Klaring matur bab sabin Maguwa, tanggal kaping 28 wulan Sakban taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 28 Juni taun 1851 Angka 464.
Punika pemut kala Tuwan Warnim sowan lumebet ing Kedhaton, bab Pangeran Dipanegara nem Sumenep sak panunggilanipun, marengi ing dinten Senen Kliwon, tanggal kaping 30 Sakban taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 30 Juni taun 1851 Angka 464.
Punika pemut kala Tuwan Warnim sarta Tuwan Jansen sami nyuwun priksa gerah Dalem, nanging Kangjeng Sampeyan Dalem boten gerah, ingkang gerah Kangjeng Pangeran Hadipati Kolonel Mangkubumi, sareng kalih ngajalipun Raden Prawiratmaja putra Demangan, marengi ing dinten Jumungah Wage tanggal kaping 4 wulan Ramelan taun alip 1779, utawi tanggal kaping 4 Juli taun 1851 Angka 465.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen Haselman rawuh ing negari Ngayugyakarta, marengi ing dinten Septu Kliwon, tanggal kaping 5 wulan Ramelan taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 5 wulan Juli taun 1851 Angka 465.
Punika pemut kala Tuwan Litnan Jansen Mas Lurah Sasradimeta sowan bab kendeling bayar, sareng kalih Tuwan Enger nyaosaken kertep sangking negari Welandi, sontenipun Kangjeng Tuwan Residen Haselman lumebet ing Kedhaton, kalih Tuwan Warnim, merengi ing dinten ngahad Legi tanggal kaping 6 wulan Ramelan taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 6 Juli taun 1851 Angka 465.
46