Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng lelangan, griyanipun Tuwan Predrek ingkang gadhah barang koja wasta Kaji Ali, marengi ing dinten Slasa Pahing tanggal kaping 17 wulan Sakban taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 17 Juni taun 1851 Angka 463.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen Haselman, lumebet ing Kedhaton, kalih tuwan Asisten Tidheman marengi ing dinten Jumungah Kliwon, sareng kalih maringaken aling-aling gambar dhateng Surakarta, tanggal kaping 20 wulan Sakban taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 20 Juni taun 1851 Angka 464.
Punika pemut kala nimbali para Pangeran sarta Wedana Prajurit, main wonten Gedhong Purwaretna, marengi ing malem Septu Legi, engjingipun wiwit gladhi ringgit lampahan Gandawerdaya, sareng babaripun Bendara Raden Hayu Gusti Maduretna, miyos kakung, sontenipun Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Asistenan, tuwi Kangjeng Tuwan Residen Haselman sa Nyonyahipun, sareng Raden Puspadikara ngajal, tanggal kaping 21 wulan Sakban taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 21 Juni taun 1851 Angka 464.
Punika pemut kala dhangsah pagriyanipun Tuwan Hendrik Bonggarten, marengi ing malem Ngahad Pahing tanggal kaping 22 wulan Sakban taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 22 Juni taun 1851 Angka 464.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Nglaji ageng pagriyanipun Tuwan Mayor Krus, sareng slawatan Maulud ing Bangsal Manis, sareng malih lelanggahan ing Suryamurcitan, marengi ing malem Senen Pon, Senenipun enjing tetepipun Bekel Jayabrata dados Warnim Lurah Punakawan Niyaka sakpanunggilanipun, tanggal kaping 23 wulan Sakban taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 23 Juni taun 1851 Angka 464.
Punika pemut kala lebetipun serat nuwala angsul-angsul sangking Surakarta bab sedanipun Bendara Raden Hayu Hadipati Danureja, Raden Hadipati Danureja boten sowan, ingkang dados Warnim Raden Tumenggung Jayanegara, marengi ing dinten Slasa Wage tanggal kaping 24 wulan Sakban taun Alip 1779 utawi tanggal kaping 24 Juni taun 1851 Angka 464.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem tindak dhateng pagriyanipun Tuwan Dokter, marengi ing malem Rebo Kliwon, Rebonipun sonten Kangjeng Sampeyan dalem miyos tetuwi nggenipun mbabar ingkang embok Bendara Raden Hayu Gusti Maduretna kaliyan garwa dalem Kangjeng Ratu, sarta Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, punapa dene para putri, tanggal kaping
45