Menyang kontèn

Kaca:Tedhakan Kagungan Dalem Pemut Serat-Serat.pdf/51

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

marengi ing dinten Senen Wage, tanggal kaping 9 wulan Sakban taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 9 Juni taun 1851 Angka 463.

Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem ngersakaken ngalih dhateng ing Purwaretna malih, sareng kalihyan pengalihipun kagengan dalem ringgit dhatenging Gedhong Madukaran, sareng malih lelangan Paresidenan, barangipun Tuwan Baron De Kock, sareng malih wiwitipun mblumbang pasiraman, marengi ing dinten Slasa Kliwon, tanggal kaping 10 wulan Sakban taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 10 Juni taun 1851 Angka 463.

Punika pemut kala dhatengipun kabar yen Tuwan Haselman Asisten ing Surakarta, dados Residen ing Ngayugya, sareng kalih Kangjeng Ratu mriksa ing Gedhong Purwaretna, marengi ing dinten Rebo Legi, tanggal kaping 11 wulan Sakban taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 11 Juni taun 1851 Angka 463.

Punika pemut kala methuk temanten dhateng Sekararum, mawi kreta Raden Lurah Natadimeja, ingkang methuk Raden Wedana Natawilaga, sarta Lurah kalih marengi ing dinten Kemis Pahing, tanggal kaping 12 wulan Sakban taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 12 Juni taun 1851 Angka 463.

Punika pemut kala Tuwan Tidheman Warnim Residen lumebet ing Kedhaton kalih tamu kalih, Tuwan Panhil, kalih Wlandi Inggris, marengi ing dinten Jumungah Pon, tanggal kaping 13 Juni wulan sakban taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 13 Juni taun 1851 Angka 463.

Punika pemut kala kagengan Dalem ringgit kaparingaken dhateng Raden Lurah Natadimeja, marengi ing dinten Septu Wage, tanggal kaping 14 Sakban taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 14 Juni taun 1851 Angka 463.

Punika pemut kala Tuwan Tidheman Warnim lumebet ing Kedhaton, main kalih Tuwan Mayor Krus, saha Tuwan-Tuwan, marengi ing malem Ngahad Kliwon, Ngahadipun enjing Tuwan Tidheman Warnim Residen lumbet ing Kedhaton, mawi mbekta seratsangking Ngabubakaran, sarta mawi Tuwan Glembus Klaring, tanggal kaping 15 wulan Sakban taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 15 Juni taun 1851 Angka 463.

Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos basiyar, lajeng kapethuk tiyang ngamuk wasta Kumbayana tilas abdi Dalem Nyutra, sareng wonten temanten Tuwan-Tuwan, wasta Tuwan Suwabping angsal anakipun Tuwan Setralendorep, marengi ing dinten Senen Legi Tanggal kaping 16 wulan Sakban taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 16 Juni taun 1851 Angka 463.

44