Punika pemut kala ngersakaken semuan ringgit Anglingku suma, marengi ing dinten Septu Kliwon tanggal kaping 30 wulan Rejeb taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 31 Mei taun 1851 Angka 462.
Ngahad Legi Senen Pahing Slasa Pon bibar, marengi tanggal kaping 3 wulan Sakban taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 3 Juni taun 1851 Angka 462.
Punika pemut kala sedanipun Bendara Raden Hayu Hadipati Danureja, putra Dalem Ingkang Sinuhun Kangjeng Sultan Hamengku Buwana Hingkang Kaping 4, marengi ing dinten Rebo Wage wanci jam 1 lajeng sumare ing Mlangi, tanggal kaping 4 wulan Sakban taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 4 Juni taun 1851 Angka 462.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng nglaji Asistenan mawi dhahar, sarta rame, sabab wonten Tuwan Rile kalih Tuwan Klen, Wlandi Semawis, marengi ing malem Kemis Kliwon, Kemisipun enjing Kangjeng Sampeyan Dalem miyos nglayat dhateng Kadanurejan kepanggih Tuwan Warnim Residen, Tuwan Mayor, Tuwan Litnan Jansen, lajeng Kangjeng Tuwan Tidheman Warnim Residen Ngayugya nyaosi dhateng Ingkang Sinuhun warni kothak wadhah serat wonten seratan namanipun tanggal kaping 5 wulan Sakban taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 5 Juni 1851 Angka 462.
Punika pemut kala Tuwan Tidheman Warnim Residen ing Ngayugyakarta lumebet ing Kedhaton, kalih Tuwan Mayor Krus, Tuwan Klen, Tuwan Rile, Wlandi Semawis, Tuwan Litnan Jansen Mas Lurah sasradimeta, marengi ing dinten Jumungah Legi, tanggal kaping 6 wulan Sakban taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 6 Juni taun 1851 Angka 462.
Punika pemut kala wiyosipun nuwala Dalem dhateng Surakarta, bab sedanipun Bendara Raden Hayu Hadipati Danureja, marengi ing dinten Septu Pahing, tanggal kaping 7 wulan Sakban taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 7 Juni taun 1851 Angka 462.
Punika pemut kala Tuwan Rabert Suwabpi mentas dhateng sangking negari Welandi, sowan kairid Mas Lurah Sasradimeta, marengi ing dinten Ngahad Pon, tanggal kaping 8 wulan Sakban taun alip 1779, utawi tanggal kaping 8 Juni taun 1851 Angka 463.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem meringakan risban dhateng Mangkubumen, sarta mundhut wadhah lonceng ngandhap mawi lemari
43