Menyang kontèn

Kaca:Tedhakan Kagungan Dalem Pemut Serat-Serat.pdf/49

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

sarta Kangjeng Tuwan Gupenur Jendral ingkang enggal kangjeng Tuwan Demar Van Tyis, marengi ing dinten Kemis Legi tanggal kaping 21 wulan rejeb taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 22 Mei taun 1851 Angka 461. Sontenipun lebetipun kaca sangking Yudanegaran kliah saking Mertanagaran.

Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem kalih garwa Dalem Kangjeng Ratu, sarta Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, tindak dhateng Asistenan maringi slamet jalan, marengi ing malem Jumungah Pahing, Jumungahipun enjing Tuwan Baron De Kock mangkat kondur dhateng Betawi sareng kalih lebetipun Surakarya anakipun Karyadimeja Gendhing, tanggal kaping 22 wulan Rejeb taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 23 Mei taun 1851 Angka 461.

Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem ngersakaken dhahar pista mawi dhangsah wiyosanipun taunan putra Dalem Bendara Raden Hajeng Gusti Putri Sujinah, marengi ing malem Ngahad Wage, Ngahadipun enjing rampungi pun Kantor Gedhong Dana, tanggal kaping 24 wulan Rejeb taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 25 Mei taun 1851 Angka 461.

Punika pemut kala Kangjeng Ratu Mas tindak dhateng Kedanurejan, tuwi Bendara Raden Hayu Dipati Danureja gerah, marengi ing dinten Senen Kliwon, sareng kalih wedalipun Banngsadenta sak kancanipun, tanggal kaping 25 wulan Rejeb taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 26 Mei taun 1851 Angka 461.

Punika pemut kala maringaken nuwala ingkang katur dhateng Betawi, marengi ing dinten Rebo Pahing, sontenipun Kangjeng Tuwan Tidhoman ingkang makili Residen lumebet ing Kedhaton, tanggal kaping 27 wulan Rejeb taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 28 Mei taun 1851 Angka 462.

Punika pemut kala lebetipun kagungan gangsa pelog, wasta Kyahi Tumenggung Sekar Gadhung, sareng kalih butulipun kagengan lawangn alit ngajengan regol Kabumen marengi ing Kemis Pon, sontenipun Tuwan Van Ren lumebet ing Kedhaton, kalih Nyonyahipun, tanggal kaping 28 wulan Rejeb taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 29 Mei taun 1851 Angka 462.

Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Kadanurejan kalih Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, sadinten miyos 2, marengi ing dinten Jumungah Wage, tanggal kaping 29 wulan Rejeb taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 30 Mei taun 1851 Angka 462.

42