kagungan Dalem Serat Rejunawijaya, sarta sareng maringaken supe Jemerut dhateng Suryamurcitan, tiga serat dhateng Gandawilagan, sareng wiwit yasa tabuh gangsa, tanggal kaping 5 wulan Rejeb taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 6 Mei taun 1851 Angka 460.
Punika pemut kala wiwit bedhayan pasindhen Prabu Dewa, marengi ing dinten Kemis Pahing tanggal kaping 7 wulan Rejeb taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 8 Mei taun 1851 Angka 460.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, kalih Tuwan Pandhita Brimen, ngaturi priksa yen badhe gantos, sabab nyuwun kendel, marengi ing dinten Jumungah Pon, ingkang dados Wakil Residen Ngayugyakarta Tuwan Asistan Tidheman, tanggal kaping 8 wulan Rejeb taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 9 Mei taun 1851 Angka 460.
Punika pemut kala ndawahaken mranata lampahipun temanten Mas Bekal Jayawirana, marengi ing dinten Septu Wage tanggal kaping 9 wulan Rejeb taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 10 Mei taun 1851 Angka 460.
Punika pemut kala ngajal anakipun alit Mas Lurah Sasradimeta, Tuwan Litnan Jansen, marenti ing dinten Ngahad Kliwon, tanggal kaping 10 wulan Rejeb taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 11 Mei 1851 Angka 460.
Punika pemut kala Ngabehi Begananda minggah Penewu sareng kalih Tuwan Asisten Tidheman lumebet ing Kedhaton, kalih Tuwan Kaptin Labar, sareng panggihipun temanten Mas Bekal Jayawirana, sarta temanten putra ing Keranggan, marengi ing dinten Senen Lagi tanggal kaping 11 wulan Rejeb taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 12 Mei taun 1851 Angka 460. Wah sareng malih Kangjeng Gusti Pangeran Hadipati Mangkubumi kondur sangking Surakarta.
Punika pemut kala kangengan Dalem ringgi wacucal kaparingaken
pasumbang dhateng Mas Bekal Jayawirana, marengi ing malem Rebo Pon, Rebonipun enjing Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, nyaosi tandha tinggal dhateng Kangjeng Sampeyan Dalem warni panjenengan mawi tandha nama sangking Plembang, kalih lantaran suru, lajeng wiyosan Dalem dhateng Tepasantan, tuwi nggenipun nyupitaken, tanggal kaping 13 wulan Rejeb taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 14 Mei taun 1851 Angka 460.
40