Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng pangriyanipun Tuwan Bereti mundhut tumbas kaca, sab enjingipun badhe nglelangan, marengi ing dinten Senen Pahing, kondur Dalem mawi nimbali ingkang rundha Raden Tumenggung Mertadiningrat, tanggal kaping 26 wulan Jumadilakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 28 April taun 1851 Angka 459.
Punika pemut kala lebetipun kagengan Dalem gangsa, saking ing Mertangegaran, salendro, wasta Kyahi Riya, sareng kalih lelangipun Tuwan Beretti, Kangjeng Sampeyan Dalem mundhut kaca, marengi ing dinten Slasa Pon tanggal kaping 27 wulan Jumadilakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 29 April taun 1851 Angka 459.
Punika pemut kala wonten kabar yen Kangjeng Pangeran Hadipati Ngabehi Surakarta gerah sanget, sareng lebetipun Kangjeng Tuwan Asisten tidheman, sarta Nyonyah Kolet pacanganipun Tuwan Litnan Piper, sontenipun Kangjeng Pangeran Hadipati Mangkubumi dhateng Surakarta sarta ingkang garwa, marengi ing dinten Rebo Wage, tanggal kaping 28 wulan Jumadilakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 30 April taun 1851 Angka 459.
Punika pemut kala Mireng kabar yen Kangjeng Tuwan Residen Baron De Kock badhe gantos, marengi ing malem Kemis Kliwon, enjingipun maringaken wangkingan dhateng Raden Mas Mangkuwinata, tanggal kaping 29 wulan Jumadilakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 1 Mei taun 1851 Angka 459.
Punika pemut kala wonten serat undhang-undhang sangking kantor tiyang sakit kulera marbus, marengi ing dinten Jumungah Legi tanggal kaping 1 wulan Rejeb taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 2 Mei 1851 Angka 459.
Punika pemut kala nggebyagaken kagengan Dalem bedhaya pusaka Sumbreg, sareng kaliyan nguyu-ayu wanten Gedhong Jene, kagengan Dalem gengsa Kyahi Riya Jawah Riris, marengi ing malem Isnen Wage, Senenipun enjing Mas Lurah Kudatinaya angsal posiyun, sareng Kangjeng Tuwan Residen nyaosi agem rasukan sutra biru dhateng Rayi Dalem Kangjeng Ratu sarta putra Dalem Bendara Reden Hajeng Gusti, tanggal kaping 4 wulan Rejeb taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 5 Mei taun 1851 Angka 460.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem Mundhut klangenan putranipun suwargi Raden Tumenggung Tirtawiguna wasta Raden Rara Saminah, sareng kalih wiwitipun nyungging kangengan Dalem Ringgit Kidang Kencana Purwa, marengi ing dinten Slasa Kliwon, sareng malih nresikaken ngengreng,
39