Punika pemut kala Tuwan Pan Ren katimbalan lumebet ing Kedhaton, mawi dipun adhangi Sekilwak, marengi ing dinten Jumungah Pon, Septunipun wangsul marih, sareng kalih maringaken serat potelot dhateng Mangkubumen, tanggal kaping 2 wulan Jumadilakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 4 April taun 1851 Angka 457.
Punika pemut kala Raden Tumenggung Mertanegara siyos sowan, marengi ing dinten Septu Wage, bab prakawis maosan, sareng kalih Tuwan Sudhen nyaosi waos, tanggal kaping 3 wulan Jumadilakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 5 April taun 1851 Angka 457.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem nanggap ringgit golek Cina tigang dalu, ingkang ngirid Babah Buyud Wangsengsari, marengi ing malem Ngahad Kliwon, sabab wiyosanipun tingalan Bendara Raden Mas Ismangil, tanggal kaping 4 wulan Jumadilakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 6 April taun 1851 Angka 457.
Punika pemut kala Bendara Raden Hayu Gusti Maduretna marak, marakaken ingkang putra, ingkang badhe tetes, Raden Hajeng Dherek, Raden Hajeng Soblem, Raden Hajeng Akik, sareng kalih tetepipun Wahmister Willem, Langenstra sapanunggilanipun, marengi ing dinten Senen Legi, sareng kasikunipun Bangsadenta, tanggal kaping 5 wulan Jumadilakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 7 April taun 1851 Angka 457.
Punika pemut kala Tuwan Jurubasa Perbrih ngajal margi sakit ewah, marengi ing dinten Kemis Wage, sareng kalih mireng kabar Semawis Wonten pageblug tiyang sambang, tanggal kaping 8 wulan Jumadilakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 10 April 1851 Angka 458.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem tindak dhateng dalemipun Bendara Raden Mas Ismangil, tuwi ingkang embok Kangjeng Bendara Raden Hayu Gusti Maduretna, tuwi nggenipun kagungan damel, kalih putra Dalem Bendara Raden Hajeng Gusti kang sarta putra-putra, sareng kalih Mas Lurah Puriyer Mangundimeja ngisis serat, marengi ing dinten Jumungah Kliwon, tanggal kaping 9 wulan Jumadilakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 11 April taun 1851 Angka 458.
Punika pemut kala Tuwan Litnan Jansen Mas Lurah Sasradimeta sowan, sabab saweg mentas saras nggenipun sakit sanget, sareng kalih Tuwan Pan Ren sowan sabab badhe imah-imah dhateng Semawis, marengi ing dinten Septu Legi tanggal kaping 10 wulan Jumadilakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 12 April taun 1851 Angka 458.
36