Menyang kontèn

Kaca:Tedhakan Kagungan Dalem Pemut Serat-Serat.pdf/42

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Punika pemut kala Raden Hayu Pancakusuma putri ing Dipanegaran sepuh, marak lumebet sumedya suwita, marengi ing malem Slasa Pon, Slasanipun enjing Raden Hayu Panembahan marak bab prakawis daweg Ngahad, tanggal kaping 22 wulan Jumadilawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 25 Maret taun 1851 Angka 456.

Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen rawuh sangking Semawis, marengi ing dinten Rebo Wage tanggal kaping 23 wulan Jumadilawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 26 Maret taun 1851 Angka 456.

Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet dhateng Kedhaton, sareng kalihyan Raden Hayu Mangkubumi kaparingan bayar sawulan, 25 rupiyah, kalih Raden Hajeng Nuyunadikin kaparingan rasukan, sareng malih bayaripun abdinipun Kangjeng Ibu Dalem Kangjeng Ratu Hageng, kaparingan bayar sangking Kangjeng Sampeyan Dalem pyambak, marengi ing dinten Kemis Kliwon tanggal kaping 24 wulan Jumadillawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 27 Maret taun 1851 Angka 456.

Punika pemut kala wedalipun Bekel Silir kalih, dados Mantri, marengi ing dinten Ngahad Pon, tanggal kaping 27 wulan Jumadilawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 30 Maret taun 1851 Angka 457.

Punika pemut kala Raden Lurah Mangunprawira kaparingan ngalih nama Raden Lurah Suryataruna, sareng kalihyan inggah-inggahan Bekel-Bekel, marengi ing dinten Senen Wage tanggal kaping 28 wulan Jumadilawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 31 Maret taun 1851 Angka 457.

Punika pemut kala kagengan Dalem glodhong Kangjeng Kyahi Hageng Sawi Gedhah Praosan dipun pasang, sareng kalih Kangjeng Sampeyan Dalem wiwit ngersakaken nyerat Serat Harjunawijaya, sareng Tuwan Kaji Makrum wiwit nyerat Qur'an, malih sareng maringaken Qur'an Setambul dhateng Rayi Dalem Kangjeng Ratu, sarta malih hadegipun kagengan Dalem emper ing Gedhong Purwaretna, lan malih ing Bangsal karangkusuma, marengi ing dinten Slasa Kliwon tanggal kaping 29 wulan Jumadilawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 1 April taun 1851 Angka 457.

Punika pemut kala Raden Tumenggung Mertanegara badhe nuwun sowan, nanging Kangjeng Sampeyan Dalem boten tampi sabab boten sakeca sarira Dalem, marengi ing dinten Kemis Pahing, tanggal kaping 1 wulan Jumadilakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 3 April taun 1851 Angka 457.

35