Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng pagriyanipun Tuwan Mayor Krus, marengi ing malem Ngahad Wage, Ngahadipun enjing Kangjeng Pangeran Hariya Suryaningalaga sarta Kangjeng Pangeran Hariya Purwadiningrat, tiga Raden Tumenggung Litnan Kolonel Martanegara ngandikan bab paos sapanunggalanipun, mawi ngaturaken Mas Tumenggung Resasentana, sareng kalih prakawis Kreta pengawat, tanggal kaping 13 wulan Jumadilawal taun alip 1779, utawi tanggal kaping 16 Maret taun 1851 Angka 456.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem ngersakaken ringgitan kagengan Dalem Ringgit Rame. Wiwit sapisan dhalangipun pun Wangsaprawira, mawi nimbali para Pangeran, marengi ing malem Senen Kliwon, Senenipun enjing wiwit ngadengipun kagengan Dalem Bedhaya Pusaka Sumbreg Patuh, sareng kalih putra Dalem Bandara raden Hajeng Gusti kaparingan Qur'an Setambul, tanggal kaping 14 wulan Jumadilawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 17 Maret taun 1851 Angka 456.
Punika pemut kala Tuwan Beretti nem sowan lumebet ing Kedhaton, marengi ing dinten rebo Pahing tanggal kaping 16 wulan Jumadilawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 19 Maret 1851 Angka 456.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng pagriyanipun Kapitan Cina, kaliyan garwa Dalem Kangjeng Ratu, sarta Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas saha para putri, ningali ringgit golek, marengi ing dinten malem Kemis Pon, tanggal kaping 17 wulan Jumadilawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 20 Maret taun 1851 Angka 456.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Nglaji ageng pagriyanipun Tuwan Kaptin Labar, marengi ing malem Ngahad Legi, Ngahadipun enjing Raden Hayu Panembahan, sarta Raden Hayu Natadiningrat, tiga Raden Hayu Dewaningrum, sami marak, nanging boten dipun panggihi, margi klintu lampahipun, nyaosaken serat sarta renda, kalih sanggawedhi, sami dados prakawis, tanggal kaping 20 wulan Jumadilawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 23 Maret taun 1851 Angka 456.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng toko griyanipun Tuwan Beretti nem, kalih garwa Dalem Kangjeng Ratu, sarta Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, saha para priyayi, marengi ing malem Senen Pahing, tanggal kaping 21 wulan Jumadilawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 24 Maret taun 1851 Angka 456.
34