Sareng kaliyan maringaken titihan Kyahi Serep Sak prabotipun dhateng ing Mangkubumen.
Punika pemut kala Kangjeng Pangeran Hariya Purwadiningrat ngandikan bab yatra bayar utawi paos, marengi ing dinten Slasa Wage, sareng kalih Wlandi kerengan Tuwan Semit kalih Tuwan Pirman sepuh, tanggal kaping 8 wulan Jumadilawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 11 Maret taun 1851 Angka 455.
Punika pemut kala matedhakaken besan tigang rambahan, dhateng ing Yudanegaran, sabab netesaken ingkang putra, sarta Raden Mas Ngulama, marengi ing dinten Rebo Kliwon, tanggal kaping 9 wulan Jumadilawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 12 Maret taun 1851 Angka 455.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Nglaji Paresidenan kalih garwa Dalem Kangjeng Ratu, sarta Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, ngurmati slamet jalan Nyonyah Residen, sareng kalih kagengan Dalem ringgit kapatedhakaken dhateng ing Yudanegaran, sareng kalih kasendhunipun pun Cenguk Buntung, marengi ing malem Kemis Legi, Kemisipun enjing Kangjeng Tuwan Residen nyaosi gambaripun ingkang rama Kangjeng Tuwan Jenderal De Kock, sarta Kangjeng Sampeyan Dalem ngintunaken serat bab para Pangeran, utawi para putri ingkang sami nyambut yatra, lajeng Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng-Yudanegaran kalihyan garwa Dalem Kangjeng Ratu, sarta Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, sontenipun Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, tanggal kaping 10 wulan Jumadilawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 13 Maret taun 1851 Angka 455.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen nirahaken ingkang garwa Nyonyah dhateng Batawi sabab gerah Kangjeng Tuwan Residen namung dugi Semawis, kemawon, marengi ing dinten Jumungah Pahing tanggal kaping 11 wulan Jumadilawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 14 Maret taun 1851 Angka 455.
Punika pemut kala nggantung tiyang nami pun Partasuwara penabur prajurit Jagakariya, sareng kalih supitipun putra Suryawijayan, marengi ing dinten Septu Pon, sareng kalih Tuwan Pan Ren katimbalan dhateng Kedhaton tanggal kaping 12 wulan Jumadilawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 15 Maret taun 1851 Angka 455.
33