Ismangil dipun saosi supe dhateng Mas Hajeng Jaganegara, Ratawijaya, marengi ing dinten Kemis Kliwon, tanggal kaping 18 wulan Rabingulakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 20 Pembriwari taun 1851 Angka 454.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, bab prakawis Karanganyar, sareng kalihyan Kyahi Jayakumala tetep dados kagunganipun Kangjeng Tuwan Residen, marengi ing dinten Ngahad Pon, tanggal kaping 21 wulan Rabingulakir taun 1779 utawi tanggal kaping 23 Pembriwari taun 1851 Angka 454.
Punika pemut kala Nyonyah Kapitan Lisaji lumebet ing Kedhaton, kalih anakipun Babah Buyut Yan Ing, Babah Buyut Wangsengsari, marengi ing malem Senen Wage tanggal kaping 22 wulan Rabingulakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 24 Pembriwari taun 1851 Angka 454.
Punika pemut kala ndarusaken para kaji-kaji, mawi dhikir saman cara Arab, marengi ing dinten malem Slasa Kliwon, tanggal kaping 23 wulan Rabingulakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 25 Pembriwari taun 1851 Angka 454.
Punika pemut kala wiwit bikak lajeng mulyakaken kagengan Dalem gedhong jamban, sarta Gedhong Purwaretna, Kangjeng Sampeyan Dalem ngedhaton wonten Gedhong Jene, sareng kalihyan rampungipun kagengan Dalem ringgit kulukan, wiwitipun kagengan Dalem ringgit purwa Kidangkencana, sareng malih kagengan Dalem ringgit kasrekaken ing gedhong Sadikinan, marengi ing dinten Slasa Kliwon tanggal kaping 23 wulan Rabingulakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 25 Pembriwari taun 1851 Angka 454.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Nglaji, kalih Rayi Dalem Kangjeng Ratu sarta Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, tuwin Nyonyah Residen gerah sarean risban, marengi ing dinten Rebo Legi tanggal kaping 24 wulan Rabingulakir taun Alip, 1779 utawi tanggal kaping 26 Pembriwari taun 1851 Angka 454.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem wiwit lenggah Senen Kemis malih, marengi ing dinten Kemis Pahing, sontenipun lajeng miyos dhateng pagriyanipun Tuan Jensen Mas Ngabehi Sasradimeta, sabab sakit sanget, tanggal kaping 25 wulan Rabingulakir taun Alip 1779,utawi tanggal kaping 27 Pembriwari taun 1851 Angka 454.
Punika pemut kala Tuwan Pandhita Bringmen sowan kalih Tuwan Pan Reng, lajeng Tuwan Dokter sowan ningali Gedhong Jene, marengi ing dinten
31