Kithaageng pun pingi wonten, tanggal kaping 2 wulan Rabingulakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 4 Pembriwari taun 1851 Angka 452.
Punika pemut kala wonten rembag prayogi sangking ing Martanegaran, marengi ing malem Rebo Kliwon, Rebonipun enjing Raden Hayu Panembahan marak sarta putranipun sedaya, mbage barang kagunganipun Suwargi Kangjeng Panembahan, kang werni jenesela, sinjang-sinjang, sarta abrak-abrak sedaya tanggal kaping 3 wulan Rabingulakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 5 Pembriwari taun 1851 Angka 452.
Punika pemut kala Tuwan Litnan Jansen Mas Ngabehi Sasradimeta, tetep dados kumendham Kraton malih, marengi ing dinten Kemis Legi tanggal kaping 4 wulan Rabingulakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 6 Pembriwari taun 1851 Angka 452.
Sontenipun wanci jam 4 Onder Ajidan Atmadipura ngajal.
Punika pemut kala Kangjeng Pangeran Hadipati Mangkubumi nyambut peniti tertap, nyuwu nggadhuh supe, nanging boten angsal, marengi ing dinten Jumungah Pahing tanggal kaping 5 wulan Rabingulakir taun Alip, 1779 utawi tanggal kaping 7 Pembriwari taun 1851 Angka 452.
Punika pemut kala bage waris kagunganipun suwargi Kangjeng Penembahan, ingkang warni wangkingan kalih waos, sareng kalih Raden Atmaprawira Ambiya, badhe nyaosi nanging sareh, malih sareng sowanipun dhateng Ngayogya Kaping 5, Kangjeng Pangeran Hadipati Ngabehi, marengi ing dinten Septu Pon, tanggal kaping 6 wulan Rabingulakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 8 Pembriwari taun 1851 Angka 453.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, kalih Kangjeng Pangeran Hadipati Ngabehi, tiga Tuwan Litnan Jansen, Mas Ngabehi Sasradimeta, siyangipun Raden Hadipati Danureja sarta Kyahi Pengulu Tuwan Sayid Ngabdurrahman, sami sowan prakawis merdikakaken tiyang Pinggir, sareng malih pun Pingi nyaosi waos Kyahi Sugihyan, marengi ing dinten Ngahad Wage, tanggal kaping 7 wulan Rabingulakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 9 Pembriwari taun 1851 Angka 453.
Punika pemut kala imah-imah Tuwan Kaji Mangunpukai dhaup Mas Hajeng Padmadiningsih, marengi ing malem Senen Kliwon, Senenipun enjing wiwit damel ules Kangjeng Kyahi, badhe dipun soket, sarta Carik wiwit nyerat Kabumen, tanggal kaping 8 wulan Rabingulakir taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 10 Pembriwari taun 1851 Angka 453.
29