Menyang kontèn

Kaca:Tedhakan Kagungan Dalem Pemut Serat-Serat.pdf/34

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Punika pemut kala konduripun Kangjeng Kiyahi Hageng sakpanunggilanipun sadaya, dhateng Prabayeksa, sarta kajenengen Kengjeng Tuwan Residen, marengi ing dinten Slasa Kliwon tanggal kaping 18 wulan Rabingulawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 21 Januari taun 1851 Angka 451.

Punika pemut kala Kangjeng Pangeran Hadipati Paku Alam sowan lumebet, tuwi kondur Dalem dhateng Prabayeksa, sarta kaparingan segah srimpi Jebeng, sareng kaliyan konduripun Nyonyah Residen sangking Brosot, marengi ing dinten Rebo Legi tanggal kaping 19 wulan Rabingulawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 22 Januari taun 1851 Angka 451.

Punika pemut kala Raden Hayu Penembahan, nyaosaken barang-barangipun Kangjeng Panembahan sadaya, marengi ing dinten Jumungah Pon, tanggal kaping 21 wulan Rabingulawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 24 Januari taun 1851 Angka 451.

Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng pagriyanipun Tuwan Asisten tidheman, marengi ing malem Septu Wage, enjingipun supitipun putra Martanegaran Raden Mas Saparja, tanggal kaping 22 wu lan Rabingulawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 25 Januari taun 1851 Angka 451.

Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos tuwi dhateng Martanegaran, margi nggenipun nyupitaken, marengi ing dinten Ngahad Kliwon tanggal kaping 23 Rabingulawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 26 Januari taun 1851 Angka 451.

Punika pemut kala Mas Lurah Gandawirana kautus dhateng Martanegaran, prakawis lemari gangsa, Kyahi Riya sapanunggilanipun, marengi ing dinten Senen Legi tanggal kaping 24 wulan Rabingulawal taun Alip 1779 utawi tanggal kaping 27 Januari taun 1951 Angka 452.

Punika pemut kala kangengan Dalem ringgit wacucal purwa, kaparingaken dhateng Martanegaran, marengi ing malem Slasa Pahing, enjingipun serat angsul-angsul sangking Surakarta lumebet, bab sedanipun Kangjeng Panembahan Hamangkurat, tanggal kaping 25 wulan Rabingulawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 28 Januari taun 1851 Angka 452.

Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Paku Alaman, mawi mriksa wangkingan sarta waos, tuwin waos Palawija, mawi nurun kandelan, marengi ing dinten Rebo Pon, tanggal kaping 26 wulan Rabingulawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 29 Januari Angka 452.

27