Menyang kontèn

Kaca:Tedhakan Kagungan Dalem Pemut Serat-Serat.pdf/33

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

enjingipun Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Masjid Hageng, kalihyan garwa Dalem Kangjeng Ratu, sarta Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, sontenipun Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, bicanten bab serat Bagelen, sarta Glendheh Godheg, tanggal kaping 9 wulan Rabingulawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 12 Januari taun 1851 Angka 450.

Punika pemut kala Kyahi Pengulu Tuwan Kaji Ibrahim Kamalodiningrat ngabuk-abuk repot dhateng Kadanurejan, lajeng Tuwan Kaji mangun pukaha, kadukanan, marengi ing dinten Rebo Wage tanggal kaping 12 wulan Rabingulawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 15 Januari taun 1851 Angka 451.

Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Panembahan, ingkang ndherek Kangjeng Pangeran Hariya Purwadiningrat, mriksani barang-barang, kondur Dalem lajeng sami rembagan bab Glendheh, marengi ing dinten Kemis Kliwon, tanggal kaping 13 wulan Rabingulawal taun Alip, 1779, utawi tanggal kaping 16 Januari taun 1851 Angka 451.

Punika pemut kala Raden Hayu Panembahan marak lumebet kalih Raden Hayu Semarawati nyaosaken barang supe, sapanunggilanipun, nggenipun nyuwun nyambut Kangjeng Panembahan, marengi ing dinten Jumungah Legi tanggal kaping 14 wulan Rabingulawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 17 Januari taun 1851 Angka 451.

Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen tindak dhateng Brosot, kalihyan ingkang garwa sakputranipun sedaya, marengi ing dinten Septu Pahing tanggal kaping 15 wulan Rabingulawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 18 Januari taun 1851 Angka 451.

Punika pemut kala Kangjeng Rahaden Hadipati Danureja sowan lumebet ing Kedhaton, matur bab serat Bagelen, marengi ing dinten Ngahad Pon tanggal kaping 16 wulan Rabingulawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 19 Januari taun 1851 Angka 451.

Punika pemut kala konduripun Kangjeng Kyahi Hageng Sangkelat wonten Ngarsa Dalem, sareng kalih pengalihipun putra Dalem Kangjeng Bendara Raden Hajeng Gusti Putri dhateng Gedhong Pasedhahan, marengi ing dinten Senen Wage, sontenipun Tuwan Asisten tidheman sowan lumebet, tanggal kaping 17 wulan Rabingulawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 20 Januari taun 1851 Angka 451.

26