Punika pemut kala Tuwan De Kock Pan Lewen ing Kasuran sowan lumebet ing Kedhaton kalihyan sedherekipun wasta Tuwan De Kook Pan Lewen suketaris ing Semawis marengi ing dinten Slasa Wage tanggal kaping 26 wulan Sapar taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 31 Desember taun 1850 Angka 449.
Punika, pemut kala bilahi mripatipun kanca Bekel Carik Ngabehi Sastrapuspita, marengi ing malem Rebo Kliwon, Rebonipun enjing Kangjeng Sampeyan Dalem miyos basiyar kapethuk Wlandi tatu awasta pun Adriyanse, Kumpeni 5 lajeng mampir dhateng Panembahan mawi nyaosi serat, nanging dereng katampen, tanggal kaping 27 wulan Sapar taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 1 Januari taun 1851 Angka 449.
Pestanipun malem Kemis Legi sarta mawi srimpi Jebeng pesindhenipun Raden Sewandana sak kancanipun.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Panembahan, kalihyan Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, sabab Kangjeng Panembahan gerah sanget semaput sareng kalihyan Kangjeng Pangeran Hadipati Mangkubumi, kalih Kangjeng Pangeran Hariya Yudanegara, nuwun pamit badhe dhateng Surakarta, lajang mangkat, ngebekti wonten Panembahan, sarta mawi rembagan waris, dhateng Surakarta damelipun lelang barangipun Kangjeng Tuwan Residen Baron De Hir marengi ing dinten Jumungah Pahing, sareng malih pengalihipun lumebet dhateng negari, sangking Kalasan Kangjeng Bendana Raden Hayu Gusti Maduretna, mondhok dalem ipun putra Dalem Bendera Raden Mas Ismangil, tanggal kaping 29 wulan Sapar taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 2 Januari taun 1851 Angka 450.
Punika pemut kala Tuwan Jurubasa Perbrih ngandikan lumebet marengi ing dinten Septu Pon tanggal kaping 1 wulan Rabingulawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 4 Januari taun 1851 Angka 450.
Punika pemut kala tata-tata gambar ing Bangsal Purwareja sarta pakuwon Srangbaya kasekaken, marengi ing dinten Ngahad Wage tanggal kaping 2 wulan Rabingulawal taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 5 Januari taun 1851 Angka 450.
Punika pemut kala pasang lemari wonten ing Gedhong Jene, lemari enggal, yasa Dalem nomer 1 sareng kalihyan putra Dalem Bendara Raden Mas Ismangil tindak dhateng dalem jawi, tuwi ingkang ibu Kangjeng Bendara Raden Hayu Guati Maduretna, sontenipun Tuwan Kaptin Kremer sowan lumebet marengi ing dinten Senen Kliwon tanggal kaping 3 wulan
24