Menyang kontèn

Kaca:Tedhakan Kagungan Dalem Pemut Serat-Serat.pdf/30

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Kangjeng Pangeran Hariya Purwadiningrat, tiga Kangjeng Pangeran Hariya Yudanegara sami sowan, bab sangking Mangkubumen, paturanipun Raden Litnan Kolonel Kumendham Tumenggung Mertanegara, marengi ing dinten Slasa Pahing tanggal kaping 19 wulan Sapar taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 24 Desember taun 1850 Angka 449.

Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos nyare dhateng Panembahan, marengi ing malem Rebo Pon, enjingipun siramipun putra Dalem Bendara Raden Hajeng Suminah, sareng kalihyan pasangipun gambar dalemipun Raden Lurah, tanggal kaping 20 wulan Sapar taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 25 Desember taun 1850 Angka 449.

Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos salat Jumungah Kliwon, sontenipun Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Panembahan tuwi nggenipun gerah, sarta mundhut nyambut wangkingan kalih dhapur naga, lajeng para putri sepuh kakersakaken tugur giliran wonten Kadipaten, sareng kalih Kangjeng Ratu Mas kasaosan mindhak sabin dados 100 karya tanggal kaping 22 wulan Sapar taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 27 Desember taun 1850 Angka 449.

Punika pemut kala wiwitipun gladhi bedhayan wonten ing Gedhong Jene, sareng kaliyan maringi rasukan beskap kanca niyaga, marengi ing dinten Septu Legi, sareng antukipun Tuwan Sepek, sangking Surakarta, tanggal kaping 23 wulan Sapar taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 28 Desember taun 1850 Angka 449.

Punika pemut kala ngajelipun putranipun Raden Lurah Jayadipura, sareng kaliyan ngajelipun Tuwan Hendriktalbenis kecemplung kolah, marengi ing malem Ngahad Pahing, Ngahadipun enjing Tuwan Mayor Krus sowan lumebet ing Kedhaton kalih Tuwan Kaptin Pan Wiringin, tiga Tuwan Litnan Pirman, Inpantri, lajeng dhateng Mangkubumen, tanggal kaping 24 wulan Sapar taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 29 Desember taun 1850 Angka, 449.

Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Panembahan, kalih Rayi Dalem Kangjeng Ratu, sarta Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, sawab Kangjeng Panembahan gerah sanget, ing ngriku kathah para putri sarta para Pangeran, Rahaden Hadipati Danureja inggih wonten. Kangjeng Panembahan mawi nyaosaken weweling, masrahaken ingkang garwa, sarta ingkang putra, marengi ing dinten Senen Pon tanggal kaping 25 wulan Sapar taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 30 Desember taun 1850 Angka 449.

23