Menyang kontèn

Kaca:Tedhakan Kagungan Dalem Pemut Serat-Serat.pdf/28

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Punika pemut kala putra Dalem Bendara Raden Mas Ismangil kautus maringaken wangkingan dhateng ingkang eyang Kangjeng Panembahan, marengi ing dinten Slasa Pon, tanggal kaping 5 wulan Sapar taun Alip 1779, utawi tanggal 10 Desember taun 1850 Angka 448.

Punika pemut kala ngajalipun Raden Hayu Pamot, marengi ing malem Rebo Wage, tanggal kaping 6 wulan Sapar taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 11 Desember taun 1850 Angka 448.

Punika pemut kala para putri sami nyaosi serat nyuwun nyambut yatra dhateng Kangjeng Gupernemen, marengi ing dinten Kemis Kliwon, tanggal kaping 7 wulan Sapar taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 12 Desember taun 1850 Angka 448.

Punika pemut kala Tuwan Jurubasa Perbrih sowan lumebet ing Kedhaton, ngirid Tuwan Baretti nem mentas dhateng sangking Betawi, ngaturi priksa yen dados toko, marengi ing dinten Jumungah Legi, sontenipun Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng griyanipun Tuwan Baretti nem tumbas bareng-barang nglangkungi sangking mirah tanggal kaping 8 wulan Sapar taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 13 Desember taun 1850 Angka 448.

Punika pemut kala Tuwan Mayor Krus lumebet ing Kedhaton, sowan Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, lajeng mubeng-mubeng dhateng Purwareja, Kabumen, marengi ing dinten Septu Pahing, sontenipun Kangjeng Tuwan Residen utusan ngaturi priksa yen gerah ragi awrat, tanggal kaping 9 wulan Sapar taun Alip 1779, utawi tanggal 14 Desember taun 1850 Angka 448.

Punika pemut kala Tuwan-Tuwan main bolah wonten Kamar bolah Gedhong Srangbaya, pangajengipun Tuwan Asisten tidheman, sabab Tuwan Residen taksih gerah, nanging ragi mayar, marengi ing dinten Ngahad Pon, tanggal kaping 10 wulan Sapar taun Alip 1779 utawi tanggal kaping 15 Desember taun 1850 Angka 448.

Punika pemut kala Tuwan-Tuwan katimbalan main homer, dhateng Gedhong Sranbaya, marengi ing malem Senen Wage enjingipun Kangjeng Tuwan Residen dhangan, sareng kalih dadosipun Kangjeng Kyahi Nagasasra, tanggal kaping 11 wulan Sapar taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 16 Desember taun 1850 Angka 448.

Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng ing nglaji maringaken Kangjeng Kyahi Nagasasra, lajeng main wis, sareng kaliyan rampungipun kagengan Dalem ringgit purwa lugas, sareng wiwitipun kagengan

21