Ngahad Wage tanggal kaping 26 wulan Mukharam taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 1 December 1850 Angka 447.
Punika pemut kala para Pangeran ngandikan dhateng Purwaretna, kang sowan Mangkubumen, Kapugeran, Tepasantan, Ngadinegaran, Yuryanegaran, Cakradiningratan, Suryawinatan, wiyosanipun Bendara Raden Mas Ismangil, marengi malem Senen Kaliwon, enjingipun nyirami Kangjeng Kyahi ing Purwaretna, sarta Tuwan Sepek sowan, tanggal kaping 27 Mukbaram taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 2 Desember taun 1850 Angka 447.
Punika pemut kala para Pangeran ngandikan dhumateng Gedhong Pasedhahan, ingkang sowan Kapugeran, Tepasantan, Ngadinegaran, Yudenegaran, Suryawinatan, Mangkukusuman, wiyosanipun Bendara Raden Hajeng Gusti Putri, marengi ing malem Rebo Pahing tanggal kaping 29 wulan Mukharam taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 4 Desember taun 1850 Angka 447.
enjingipun Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, kaliyan Tuwan Aretman Madiyun.
Punika pemut kala kagengan Dalem ringgit kaparingaken dhateng Mas Lurah Pringgawijaya sabab imah-imah marengi ing dinten malem Kemis Pon, enjingipun lajeng sami pergandring bab niyaka, sarta kumisi sampun rampung, tanggal kaping 30 wulan Mukharam taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 5 Desember taun 1850 Angka 447.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Mangkubumen, tuwi ngiras pergandring bab paos, Raden Jayaasmara nggenipun ndherek lepat, marengi ing dinten Saptu Kliwon tanggal kaping 2 wulan Sapar taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 7 Desember taun 1850 Angka 447.
Punika pemut kala Tuwan Mayor Krus Sowan lumebet ing Kedhaton, ngirid Tuwan Litnan Ruperwah, lajeng main bolah wonten Srangbaya, marengi ing dinten Ngahad Legi tanggal kaping 3 wulan Sapar taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 8 Desember taun 1850, Angka 447.
Punika pemut kala sami sinau main wis wonten gedhong Dana, marengi ing malem Senen Pahing, Senenipun enjing tetepipun wawah bedhaya Purwaretna, sarta Nyahi Lurah Raden Genawati, tanggal kaping 4 wulan Sapar ing taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 9 Desember taun 1850 Angka 447.
20