Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng ing Nglaji Paresidenan, kalihyan Rayi Dalem Kangjeng Ratu, sarta. Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, mawi dhahar, marengi ing malem Jumungah Kliwon tanggal kaping 17 wulan Mukharam taun Alip 1779,utawi tanggal kaping 22 Nopember taun 1850 Angka 446.
Punika pemut kala wedalipun Mas Lurah Prabakesa, sontenipun Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, mawi rembagan bab niyaka, marengi ing dinten Septu Legi tanggal kaping 18 wulan Mukharam taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 23 Nopember taun 1850 Angka 446.
Punika pemut kala tindakipun Kangjeng Tuwan Residen dhateng Semawis, nglelang apyun, marengi Ing dinten Ngahad Pahing tanggal kaping 19 wulan Mukharam taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 24 Nopember taun1850 Angka 446.
Punika pemut kala nyirami Kangjeng Kyahi Hageng, marengi ing dinten Senen Pon, sareng kalihyan inggahipun Raden Lurah Suryamurcita dados Wedana nggentosi Wiryana, sapanunggilanipun, tanggal kaping 20 wulan Mukharam taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 25 Nopember taun 1850 Angka 446.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng ing Asistenan, marengi ing malem Rebo Kliwon Rebonipun sonten Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Panembahan, tuwi ingkang Eyang, kaleres klangena nipun ngajal, wasta Mas Hayu Hasmayawati, sareng kalih ngleburipun kagengan Dalem wangkingan Bethet, tanggal kaping 22 wulan Mukharam taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 27 Nopember taun 1850 Angka: 447.
Punika pemut kala Kangjeng Pangeran Hadipati Mangkubumi kalih Kangjeng Pangeran Hariya Yudanegara, sami sowan bab prakawis Kumisi, sareng kalih serat gugatipun Tuwan Keser marengi ing dinten Kemis Legi, tanggal kaping 23 wulan Mukharam taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 28 Nopember taun 1850 Angka 447.
Punika pemut kala rawuhipun Kangjeng Tuwan Residen saking Semawis, sareng kaliyan dhatengipun Tuwan Sepek marengi ing dinten Septu Pon tanggal kaping 25 wulan Mukharam taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 30 Nopember taun 1850 Angka 447.
Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet Ing Kedhaton ngandika bab niyaka, sarta Kangjeng Ratu Surtan nyambut yatra, marengi ing dinten
19