Punika pemut kala Tuwan Jurubasa Perbrih sowan lumebet, ngrampungi serat nggenipun nyuwun nyambut yatra Kangjeng Pangeran Hadipati Mangkubumi dhateng Kangjeng Gupermen 10.000, marengi ing dinten Rebo Wage tanggal kaping 1 wulan Mukharam taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 6 Nopember taun 1850 Angka 445.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng lelangan griyanipun Tuwan Mayor Panderplis, tumbas kestul, marengi ing dinten malem Jumungah Legi, sareng kaliyan Raden Hayu Mangkubumi marak lumebet kang putra Raden Hajeng Nguyunadikin, kalih Raden Hajeng Supiyah, tanggal kaping 3 wulan Mukharam taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 8 Nopember taun 1850 Angka 445.
Punika pemut kala wedalipun Raden Lurah Martawinata wagel, marengi ing dinten Septu Pahing, sareng kalih Bendara Kangjeng Raden Hajeng Gusti, kalih ingkang bibi Nyahi Tumenggung sakit, tanggal kaping 4 Mukharam taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 9 Nopember taun 1850 Angka 445.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Mangkubumen, kaping 2 Kangjeng Pangeran Hadipati Mangkubumi, mawi sowan lumebet kamar, lajeng Kangjeng Sampeyan Dalem mundhut lopak-lopakipun ingkang rayi kadamel pola, marengi ing dinten Ngahad Pon tanggal kaping 5 wulan Mukharam taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 10 Nopember taun 1850 Angka 445.
Punika pemut kala Kangjeng Rahaden Danureja kaliyan Kyahi Pengulu nyuwun sowan malih margi bengat nuwun rajatatu, sarang kaliyan rampungipun kagengan Dalem ringgit cundhuk, utawi miwiti kagengan Dalem ringgi Mekutha kuluk, sontenipun Tuwan Asisten Residen tidheman sowan lumebet ing Kedhaton, kalih Tuwan Broper, sareng malih wiwit yasa kagengan Dalem waos Sulam, marengi ing dinten Slasa Kliwon tanggal kaping 7 wulan Mukharam taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 12 Nopember taun 1850 Angka 445.
Punika pemut kala Tuwan Kaptin Otmor sowan lumebet sarta Nyonyahipun, marengi ing dinten Rebo Legi tanggal kaping 8 wulan Mukharam taun Alip 1779, utawi tanggal kaping 13 Nopember taun 1850 Angka 445.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Delem ngersakaken pergandring, nanging Kangjeng Pangeran Hadipati Mangkubumi gerah wonten Kraton Wetan, sami dipun kekep rencangipun tiga, pangajeng Jaswadi, marengi ing
17