Punika pemut kala kabesmen ing Gerjen griyanipun Bekel Asmaradana, sarta Jayaprusa, marengi ing malem Kemis Wage, tanggal kaping 11 wulan Dulkijah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 17 Oktober taun 1850 Angka 443.
Punika pemut kala Pendhapa Purwareja dipun gedhegi, marengi ing dinten Jumungah Kliwon tanggal kaping 12 wulan Dulkijah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 18 Oktober taun 1850 Angka 443.
Punika pemut kala wiwit gladhi ringgit lampahan Anglingkusuma marengi ing dinten Septu Legi tanggal kaping 13 wulan Dulkijah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 19 Oktober taun 1850 Angka 443.
Punika pemut kala Tuwan Jurubasa Perbrih sowan lumebet ing Kedhaton, kaliyan tuwan Despro lajeng kaparingan serat dhateng Mertanegaran marengi ing dinten Salasa Wage sareng kalih supitipun Raden Panji Jayawilaga putra Ngadiwinatan, sareng dhatengipun Tuwan Tobiyas, tanggal kaping 16 wulan Dulkijah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 22 Oktober taun 1850 Angka 443.
Punika pemut kala Lelangan Sampeyan Dalem miyos dhateng Nglaji Paresidenan, marengi ing malem Rebo Kliwon, Rebonipun enjing lajeng pergadring, mawi tiyang ulami ngrembag kang dados Pengulu, sareng kaliyan patrapipun kagengan Dalem ploncoan Njenengan, tanggal kaping 17 wulan Dulkijah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 23 Oktober taun 1850 Angka 443.
Punika pemut kala Kangjeng griyanipun Tuwan Mayor Noman, marengi ing dinten Jumungah Pahing, kalih Septu Pon, sareng kalihyan Raden Tumenggung Mertanegara nyaosaken supe tanggal kaping 20 wulan Dulkijah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 26 Oktober taun 1850 Angka 444.
Punika pemut kala tetepipun Pangulu, Kyahi Pangulu Tuwan Kaji Ibrahim Kamalodiningrat, sareng kalih paningkah Dalem Bendara Raden Hayu Retna Hadiningrum, tiga sareng kaliyan Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, tanggal kaping 22 wulan Dulkijah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 28 Oktober taun 1850 Angka 444.
Punika pemut kala Raden Hadipati Danureja kaliyan Kyahi Pengulu sowan badhe bengat nanging wande sabab Kangjeng Sampeyan Dalem gerah untaren boten kenging dipun damel lenggah, marengi ing dinten Slasa Legi tanggal kaping 23 wulan Dulkijah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 29 Oktober taun 1850 Angka 444.
15