Menyang kontèn

Kaca:Tedhakan Kagungan Dalem Pemut Serat-Serat.pdf/20

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet dhateng Kedhaton, mawi ngandika bab Tuwan Jansen, sarta Tuwan-Tuwan Sanesipun malih, marengi ing dinten Slasa Pon tanggal kaping 25 wulan Dulkangidah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 1 Oktober taun 1850 Angka 442. Sareng kaliyan sowanipun Kangjeng Pangeran Hadipati Ngabehi dhateng Ngayugyakarta kaping sekawanipun.

Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, ngirid Kangjeng Pangeran Hadipati Ngabehi, marengi ing dinten Rebo Wage sonten, tanggal kaping 26 wulan Dulkangidah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 2 Oktober taun 1850 Angka 442.

Punika pemut kala wiwit nguyu-uyu niyaga alit, marengi ing malem Kemis Kliwon, enjingipun Ratu Bendara marak lumebet ing Kedhaton, sareng kalihyan nyopali Kangjeng Kyahi waos. Kalih malih sareng wiwitipun ngisis kagengan Dalem ringgit, wonten Purwareja, tanggal kaping 27 wulan Dulkangidah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 3 Oktober taun 1850 Angka 442.

Punika pemut kala nyepuhi kagengan Dalem Kangjeng Kyahi wangkingan, wonten ing Purwareja, marengi ing malem Jumungah Legi, siyangipun putra Dalem Bendara Raden Mas Ismangil boten emut, sareng kaliyan buwakipun Dragonder Wlandi Sekelwak wonten nglebet. Tanggal kaping 28 wulan Dulkangidah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 4 Oktober taun 1850 Angka 442.

Punika pemut kala ringgitan dhalang Sudirakusuma, ingkang nyimping pasindhen alit, niyaga alit, Kangjeng Sampeyan dalem badhe miyos dhateng Mangkubumen wande, marengi ing malem Ngahad Pon, enjingipun Kangjeng Pangeran Hadipati Ngabehi dhateng ing Tempel, sarta para putra putranipun, Kangjeng Pangeran Hadipati Mangkubumi gerah benter wonten Sleman, tanggal kaping 30 wulan Dulkangidah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 6 Oktober taun 1850 Angka 422.

Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, kalihyan Nyonyahipun saha putranipun, sareng kaliyan Ratu Bendara dhateng Imagiri, marengi ing dinten Senen Wage tanggal kaping 1 wulan Dulkijah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 7 Oktober taun 1850 Angka 442. Punika pemut kala ngalihipun kagungan Dalem Kantor dhateng Gedhong Dana, sarta wiwit nyirami utawi tata tata Kangjeng Kyahi Wangkingan,

13