Menyang kontèn

Kaca:Tedhakan Kagungan Dalem Pemut Serat-Serat.pdf/19

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Raden Tumenggung Prawiradirja, sareng kalihyan inggahipun putra Mangkukusuman, dados Bupati Anom, Raden Panji Ranawinata, kaparingan nama Raden Tumenggung Wiryakusuma, putra Ngadiwinatan Raden Panji Jayawilaya, kaparingan nama Raden Tumenggung Purwawinata, inggih dados Bupati Anem, sareng kalih Tuwan Asisten nyaosi badhe panjenengan penjalin, marengi ing dinten Senen Kliwon tanggal kaping 17 wulan Dulkangidah taun Jimmakir 1778 utawi tanggal kaping 23 September taun 1850 Angka 441.

Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen tindak dhateng ing Redi Kidul, ingkang ndherek Tuwan De Kock Pan Lewen, Tuwan Litnan Pan Wamenwandres, Tuwan Winter, sareng kaliyan Kangjeng Sampeyan Dalem tindak dhateng Nglilangan griyanipun Tuwan Semun, marengi ing dinten Slasa Legi, tanggal kaping 18 wulan Dulkangidah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 24 September taun 1850 Angka 441.

Punika pemut kala sedanipun Raden Tumenggung Ranadiningrat, sareng kalihyan dhatengipun badhe panjenengan Kangjeng Purnamasada, marengi ing dinten Rebo Pahing, tanggal kaping 19 wulan Dulkangidah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 25 September taun 1850 Angka 441.

Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem tindak dhateng Mangkubumen, tingalanipun taunan ingkang rayi, sareng kalihyan ngajalipun Mbok Jayasastra margi sakit konduran, marengi malem Kemis Pon, tanggal kaping 20 wulan Dulkangidah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 26 September taun 1850 Angka 441.

Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Nglaji griyanipun Tuwan Asisten, main hommer, marengi ing malem Jumungah Wage, tanggal kaping 21 wulan Dulkangidah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal 27 September taun 1850 Angka 441.

Punika pemut kala Tuwan Asisten Residen tidhemen sarta para Pangeran-Pangeran nusul tindakipun Kangjeng Tuwan Residen dhateng ing Redi Kidul, ing wingking para Bupati sami tuguran, marengi ing dinten Septu Kliwon, sareng wiwitipun abdi Dalem pasindhen, tanggal kaping 22 wulan Dulkangidah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 28 September taun 1850 Angka 441.

Punika pemut kala konduripun Kangjeng Residen saking Redi Kidul, marengi ing dinten Senen Pahing tanggal 24 wulan Dulkangidah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 30 September taun 1850 Angka 441.

12