Menyang kontèn

Kaca:Tedhakan Kagungan Dalem Pemut Serat-Serat.pdf/18

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen tindak dhateng ing Surakarta, manggihi Kangjeng Tuwan Hertoh, marengi ing dinten Jumungah Kliwon, tanggal kaping 7 wulan Dulkangidah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 13 September taun 1850 Angka 440.

Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton, sabab rawuh sangking negari Surakarta, marengi ing dinten Slasa Wage, tanggal kaping 11 wulan Dulkangidah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 17 September taun 1850 Angka 441.

Punika pemut kala Raden Hayu Panembahan marak lumebet bab wonten sawijining putra Prawanta Raden Hajeng Ngaisah sumedya nginggah-inggahi, sarta kaliyan nggenipun wiwit nyaeni sopalipun kagengan Dalem waos, marengi ing dinten Rebo Kliwon, tanggal kaping 12 wulan Dulkangidah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 18 September 1850 Angka 441.

Punika pemut kala sedanipun putra Dalem Kangjeng Bendara Raden Hajeng Umi Salamah, marengi ing dinten Jumungah Pahing, Pangeran Hadipati Paku Alam sowan nglayat, Den Mas Malikin katimbalan. Tanggal Kaping 14 wulan Dulkangidah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 20 September taun 1850 Angka 441.

Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet nglayat, marengi ing dinten Septu Pon, sontenipun Tuwan Asisten sak Nyonyahipun lumebet, lajeng mubeng-mubeng dhateng Purwareja tanggal kaping 15 wulan Dulkangidah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 21 September taun 1850 Angka 441.

Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen tindak dhateng Pleret, kalih Tuwan Asisten, sarta Kangjeng Raden Hadipati Danureja, marengi ing dinten Ngahad Wage, sontenipun Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Nglaji, kaliyan Garwa Dalem Kangjeng Ratu, sarta Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, putra Dalem, klangenan Dalem, Raden Hayu Panembahan, Kangjeng Raden Hayu Gusti Maduretna, Raden Hayu Prabuningrat, Raden Hayu Purwadiningrat, Raden Hayu Nitinegara, sareng Kangjeng Ratu kondur, Kangjeng Sampeyan Dalem wangsul tindak dhateng Nglaji malih main wis, tanggal kaping 16 wulan Dulkangidah taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 22 September taun 1850 Angka 441.

Punika pemut kala inggihipun Kyahi Tumenggung Nitipraja, sarwa Wedana Distrik tiga, Raden Tumenggung Natawijaya, Raden Tumenggung Nitinegara,

11