Punika pemut kala wiwitipun sebarang pedamelan nglebet kakuwasakaken dhateng Raden Lurah Mangkuwijaya, sareng kalihyan ajengipun ngawisi Kangjeng Kyahi Mas Bekel Mangunreja putra Nitiprajan. Sareng malih prakawis lancangipun Natasubuh, sareng kalihyan pranatanipun kagungan Dalem titihan sarta ngalihipun dhateng Panepen titihan ingkang sampun sepuh, marengi ing dinten Kemis Kliwon, tanggal kaping 21 wulan Sawal taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 29 Agustus 1850 Angka 439.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng nglaji pagriyanipun Tuwan Dokter Kurnet, marengi ing malem Septu Pahing, Sontenipun Kangjeng Sampeyan Dalem miyos besiyar, kalih rayi Dalem Kangjeng Ratu, sarta Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, lajeng mampir dhateng Mangkubumen, tanggal kaping 23 wulan Sawal taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 31 Agustus taun 1850 Angka 439.
Ing ngriku wonten Wlandi dhawah Wasta Tuwan Sena.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem ngersakaken lenggah pagandring kaliyan para Nayaka ngrembag alulwaris. Marengi ing dinten Ngahad Pon. Sontenipun Kangjeng Sampeyan Dalem nimbali Operwah Mister Dragonder Tuwan De Monte, bab prakawis nggenipun mendem wicanten awon, slompret Tuwan Wilem, tanggal kaping 24 wulan Sawal taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 1 September taun 1850 Angka 439.
Punika pemut kala Kangjeng Panembahan sowan lumebet, sareng kaliyan tetepipun dados Punakawan putra Yudanegaran, Raden Mas Jarot, sarta abdi Dalem silir dipun pasrahaken dhateng Mas Lurah Sutareja, sareng kaliyan tetepipun abdi Dalem sungging, marengi ing dinten Senen Wage, tanggal kaping 25 wulan Sawal taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 2 September taun 1850 Angka 439.
Punika pemut kala abdi Dalem ringgit Panggung dipun paring aken dhateng abdi Dalem Raden Hariya Sumadiningrat, sareng kaliyan Tuwan Jurubasa Perbrih sowan lumebet ngirid Tuwan Panwahi Demang Sungging, kalih Tuwan Winter sowan lumebet ngirid Tuwan Ekressen, Demang Klaci, sareng malih kalih pengalihipun lumebet klangenan Dalem ingkang bobot sepuh Raden Murcitaresmi, sarta malih sarang ngalihipun lumebet Raden Lurah Suryamurcita, sarta Raden Lurah Mangunprawira, marengi ing dinten Slasa Kliwon, tanggal kaping 26 wulan Sawal taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 3 September 1850 Angka 439.
9