Punika pemut kala sedanipun Kangjeng Kyahi Pengulu Kamaludiningrat, marengi ing dinten Jumungah Pahing, tanggal kaping 8 wulan Sawal taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 16 Agustus taun 1850 Angka 438.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos nglayat Kangjeng Kyahi Pengulu dhateng Masjid Hageng, marengi ing dinten Septu Pon, layonipun Kangjeng sumare wonten ing dhusun Mantup. Lenggah Dalem Sampeyan Dalem Kangjeng Ratu Hageng Ibu Dalem. Tanggal kaping 9 wulan Sawal taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 17 Agustus 1850 Angka 438.
Punika pemut kala pamundhut Dalem klangenan anakipun Mbok Mas Sapura sadherekipun Hangabehi Sastraprawita saha Mas Tumenggung Wiranegara, sareng kaliyan lebetipun Kangjeng Tuwan Residen, saha mbekta tamu Tuwan Residen Grap Pande Bos, Kumisi ilatbaya, sareng kalih dhatengipun barang-barang sup sangking Betawi, marengi ing dinten Senen Kliwon, tanggal kaping 11 Sawal Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 11 Agustus taun 1850 Angka 438.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Nglaji Paresidenan, Kalihyan Garwa Dalem Kangjeng Ratu, sarta Eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas, punapa dene para Bendara-bendara, tuwi dhateng Nyonyah Residen enggenipun babar, marengi ing dinten Slasa Legi, tanggal kaping 12 wulan Sawal taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 20 Agustus taun 1850 Angka 438.
Punika pemut kala Bendara Raden Hayu Prabuningrat ndherek ningali mubeng-mubeng dhateng Kebumen lajeng dhateng Purwareja, saha para putra, marengi ing dinten Jumungah Wage, tanggal kaping 13 wulan Sawal taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 24 Agustus taun 1850 Angka 438.
Punika pemut kala maringaken wangkingan Kyahi Jaksa Pratala, dhateng ingkang Eyang Kangjeng Panembahan, sarta loro dan ringgit gedhog, sareng kalih wiwitipun tumapak gerjipun Sutalesana, marengi ing dinten Septu Kliwon, tanggal kaping 16 wulan Sawal taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 25 Agustus taun 1850 Angka 439.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng nglaji
pagriyanipun Tuwan Asisten tidheman, marengi ing dinten Rebo Wage, sontenipun Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Ratawijayan, tanggal kaping 20 wulan Sawal taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 28 Agustus taun 1850 Angka 439.
8