Menyang kontèn

Kaca:Tedhakan Kagungan Dalem Pemut Serat-Serat.pdf/14

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Punika pemut kala ngajalipun Raden Hayu Wiranegara, marengi ing dinten Septu Kliwon, tanggal kaping 10 wulan Ramelan taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 20 Juli taun 1850 Angka 436.

Punika pemut kala bukan kaping kalih (2), marengi ing malem Ngahad Legi, Ngahadipun enjing Kangjeng Sampeyan Dalem miyos layat dhateng ing Wiranegaran. Tanggal kaping 11 wulan Ramelan taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 21 Juli taun 1850 Angka 436.

Punika pemut kala dhahar bukan kaping 3, marengi ing dinten malem Rebo Wage, enjingipun Raden Hayu Prabuningrat rawuh sangking sabrang sakputra wayahipun, tanggal kaping 14 wulan Ramelan taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 24 Juli taun 1850 Angka 436.

Punika pemut kala dhahar bukan kaping 4 marengi ing malem Septu Pahing, tanggal kaping 17 wulan Ramelan taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 27 Juli taun 1850 Angka 436.

Punika pemut kala dhahar bukan ageng wonten ing Purwarejo, marengi malem Senen Wage, Senenipun sonten Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng Ngloji, nglayat Tuwan Perbrih sepuh ngajal. Lajeng Tuwan Mayor Noman sowan lumebet dhateng Kedhaton, kaliyan Tuwan Kaptin Omort. Tanggal kaping 19 wulan Ramelan taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 29 Juli taun 1850 Angka 436.

Punika pemut kala Tuwan Perbrih sowan lumebet ing Kedhaton, dipun utus Tuwan Asisten. Marengi ing dinten Rebo Legi, tanggal kaping 21 wulan Ramelan taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 31 Juli taun 1850 Angka 437.

Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos ningali maleman dhateng Alun-Alun Ler, dumugi ing Alun-Alun Kidul, kalih putra Dalem Bendara Raden Hajang Gusti, sarta putranipun Kangjeng Tuwan Residen, sinyo Pralbert kalih sinyo Hindrik. Marengi ing dinten Senen Legi, tanggal kaping 26 wulan Ramelan taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 5 Agustus taun 1850 Angka 437.

Punika pemut kala marakipun anakipun Mbokmas Sapura ing Pakauman, marengi ing dinten Rebo Kliwon, tanggal kaping 6 wulan Sawal taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 14 Agustus taun 1850.

7