Menyang kontèn

Kaca:Tedhakan Kagungan Dalem Pemut Serat-Serat.pdf/13

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos dhateng lelangan,griyanipun Tuwan Kaptin Panderpol, Marengi ing dinten Slasa Pahing,sontenipun lajeng miyos dhateng ngloji Paresidenan, kalihyan garwa DalemKangjeng Ratu, sarta eyang Dalem Kangjeng Ratu Mas. Tanggal kaping 22 wulan Sakban taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 2 Juli taun 1850 Angka 434.

Punika pemut kala rawuhipun Kangjeng Pangeran Hadipati Mangkubumi, sangking Surakarta, kalihyan ingkang raka ingkang rayi, lajeng sami gerah, marengi dinten Kemis Wage, tanggal kaping 24 wulan Sakban taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 4 Juli taun 1850 Angka 434.

Punika pemut kala Mas Atmamantarja, sanjan dhateng panggenanipun Dursasana, Raden Sagor, marengi malem Slasa Wage, tanggal 29 wulan Sakban taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 9 Juli taun 1850 Angka 435.

Punika pemut kala wiwitipun majeng dhateng ing gedhong Purwa retna Mas Atmamantarja, marengi ing dinten malem Rebo Kliwon tanggal kaping 30 wulan Sakban taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 10 Juli taun 1850 Angka 435.

Punika pemut kala babaripun Nyonyah Residen Baron De Kock miyos kakung, amarengi ing dinten Septu Pon, tanggal kaping 3 wulan Ramelan taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 13 Juli taun 1850 Angka 435.

Punika pemut kala Tuwan Jurubasa Perbrih, sowan dhateng Kedhaton kaliyan Tuwan Bissekem. Marengi ing dinten Ngahad Wage, tanggal kaping 4 wulan Ramelan taun Jimmakir 1778, utawi tanggal 14 Juli taun 1850 Angka 435.

Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kedhaton bab prakawis Tuwan Perstih, marengi ing dinten Rebo Pahing, tanggal kaping 7 wulan Ramelan taun Jimmakir 1778, utawi wulan Welandi tanggal kaping 17 Juli taun 1850 Angka 435.

Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem ngersakaken dhahar bukan, wonten gedhong Purwaretna, amarengi ing dinten malem Kemis Pon, Kemisipun enjing Kangjeng Pangeran Hariya Suryanegara, kalihyan Kangjeng Pangeran Hariya Yudanegara, mangkat dhateng Semawis, methuk Bendara Raden Hayu Prabuningrat, tanggal kaping 8 wulan Ramelan taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 18 Juli taun 1859 Angkat 435.

6