Sakban taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 17 Juni taun 1850 Angka 433.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem ngersakaken main pot wonten ing Kamar Bolah, ing gedhong Srangbaya, kalihyan ingkang rama Kangjeng Tuwan Residen. Marengi ing dinten Ngahad Pon, tanggal kaping 13 wulan Sakban taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 23 Juni taun 1850 Angka 433.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem ngersakaken ring gitan vacucal, nganyari yasa Dalem Ringgit Gedhog, marengi ing malem Slasa Kliwon, Slasanipun enjing wiwitipun nyungging wedana ing nglebet, sarta wiwit nyerat Serat Babad, kalih miwiti nyungging ringgit Rama, tiga wiwit natah ringgit purwa malih, sareng wiwitipun lumebet Raden Lurah Suryamurcita, pareng kalih Kangjeng Tuwan Residen tindak dhateng Nanggulan Tanggal kaping 15 wulan Sakban taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 25 Juni taun 1850 Angka 434.
Punika pemut kala angkatipun Kangjeng Pangeran Hadipati Mangkubumi, dhateng Surakarta, sarta Raden Hayunipun, kalih Kangjeng Pangeran Hariya Suryanegara, marengi ing dinten Rebo Legi, tanggal kaping 16 wulan Sakban taun Jimmakir 1778, utawi tanggal 26 Juni 1850 Angka 434.
Cawangan
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem miyos basiyar, wonten margi glindhinganipun kareta pacot, nanging boten dados punapa, Kangjeng Sampeyan Dalem kendel wonten griya nipun Tuwan Sekalek. Marengi ing dinten Slasa Pon, tanggal kaping 8 wulan Sakban taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 18 Juni taun 1850 Angka 433.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem tindak dhateng griyanipun Tuwan Asisten tidheman, marengi ing malem Jumungah Pon, Jumungahipun sonten mampir dhateng griyanipun Tuwan Enger, tanggal kaping 18 wulan Sakban taun Jimmakir 1778, utawi tanggal kaping 28 Juni taun 1850 Angka 434.
Punika pemut kala rawuhipun Kangjeng Tuwan Residen sangking Brosot, marengi ing dinten Ngahad Kliwon, sontenipun lajeng lumebet ing Kedhaton kaliyan tamu Tuwan Bol, wladi Amerika, tanggal kaping 20 wulan Sakban taun Jimmakir 1778 utawi tanggal kaping 30 Juni taun 1850 Angka 434.
5