Menyang kontèn

Kaca:Tedhakan Kagungan Dalem Pemut Serat-Serat.pdf/113

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Punika pemut kala Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kadhaton kalih Tuwan Asisten, lajeng ngintuni dhahar kalbu sareng kalih sedanipun Nyahi Riya Secanagara marengi ing dinten Saptu Legi tanggal kaping 9 wulan Ramelan taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 26 Mei taun 1855 Angka 582.

Punika pemut kala dhahar bukan 2 marengi ing malem Senen Pon, Senenipun enjing amranata inggahipun alulwarisipun darah Panji Tumpukan, tanggal kaping 11 wulan Ramelan taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 28 Mei taun 1855 Angka 583.

Punika pemut kala Raden Hayu Yudasantika, kalih Mas Hayu Aci, panen dhateng Pelemsewu, amarengi ing dinte Slasa Wage, tanggal kaping 12 wulan Ramelan taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 29 Mei taun 1855 Angka 583.

Punika pemut kala kabayan pun Partasantana dipun pocot mendhet kagungan Dalem keser, marengi ing dinten Rebo Kliwon tanggal kaping 13 wulan Ramelan taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 30 Mei taun 1855 Angka 583.

Punika pemut kala dhahar bukan kaping 3 marengi ing malem Kemis Legi, Kemisipun enjing nampeni Raden Tumenggung Tirtanagara, sakrehipun dhusun ing Kalibawang karya 500, sareng kalih ndhawahaken maleman abdi Dalem nglebet, tanggal kaping 14 wulan Ramelan taun Dal 1783, utawi tanggal 31 Mei taun 1855 Angka 583.

Wiyosan Dalem Sampeyan Dalem Ingkang Sinuwun kaping 5 dinten Slasa Legi tanggal kaping 8 wulan Rabingulakir taun Alip 1747 kurup taksih Kamsiyah.

106