Punika pemut kala tetep Raden Tumenggung Tirtanagara dados Bupati Wadana Jastrik ing Kalibawang Pulisi lebet marengi ing dinten Senen Kliwon tanggal kaping 13 wulan Sakban taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 30 April taun 1855 Angka 580.
Punika pemut kala nampeni sabin sangking siti pamaosan ing Jarakan 1 jung, marengi ing dinten Rebo Pahing tanggal kaping 15 wulan Sakban taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 2 Mei taun 1855 Angka 581.
Punika pemut kala ngajalipun Raden Tumenggung Purbawinata marengi ing malem Kemis Pon, tanggal kaping 16 wulan Sakban taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 3 Mei taun 1855 Angka 581.
Punika pemut kala ijabipun putra Ratu Haneman dhaup putra Pugeran, marengi ing dinten Saptu Kliwon, sareng kalih Tuwan Pan Den Bereh lumebet ing Kadhaton, dipun utus ing Kangjeng Tuwan Residen Bab kontrak daweg wulan Desember taun 1811, tanggal kaping 18 wulan Sakban taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 5 Mei 1855 Angka 581.
Punika pemut kala Tuwan Pan Den Bereh lumebet ing Kadhaton mbekta serat kontrak, sarta ngrembeg lumebetipun serat sangking Surakarta, marengi ing dinten Slasa Pon tanggal kaping 21 wulan Sakban taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 8 Mei taun 1855 Angka 581.
Punika pemut kala Tuwan Dokter nyaosi jampi kendeling bobotan, marengi ing dinten Rebo Wage tanggal kaping 22 wulan Sakban taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 9 Mei taun 1855 Angka 581.
Punika pemut kala sidhekah wilujengan minda gibas, marengi ing dinten Kemis Kaliwon tanggal kaping 23 wulan Sakban taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 10 Mei taun 1855 Angka 581.
Punika pemut kala wiwit sidhekah, wali kutup Tuwan Kaji Wadana Mukhamad Maklum, pitung dalu marengi ing malem Jumungah Legi tanggal kaping 24 wulan Sakban taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 11 Mei taun 1855 Angka 581.
Punika pemut kala Kangjeng Sampeyan Dalem yasa pasarean risban wonten ngemper, marengi ing malem Saptu Pahing sontenipun Kangjeng Tuwan Residen lumebet ing Kadhaton, kalih Tuwan Asisten namung tuwi, tanggal kaping 25 wulan Sakban taun Dal 1783, utawi tanggal kaping 12 Mei taun 1855 Angka 581.
104